BABAD TANAH JAWI BATAWI SENTREM jilid pertama ini menceritakan kisah sejarah mulai Nabi Adam sampai para dewa, kemudian dilanjut menceritakan para ratu di tanah Jawa mulai Bhatara Brama dan Bathara Wisnu sampai jaman kerajaan Pajajaran [Sunda-Galuh] dan berdirinya Kerajaan Majapahit.
Memang naskah naskah Babad Tanah Jawi termasuk versi Batawi Sentrem terdapat banyak berita atau kisah sejarah yang rancu atau tidak sesuai dengan sumber sumber sejarah lain yang lebih kuat. seperti misal keberadaan mahapatih Majapahit bernama Gajah Mada.
Dalam Babad Tanah Jawi Batawi Sentrem [versi tembang atau puisi] dan naskah Babad Tanah Jawi versi lain seperti Meinsma [versi gancaran atau prosa], Gajah Mada ditempatkan sebagai mahapatih Majapahit era Brawijaya pamungkas alisa jaman Majapahit ahir. Ini jelas bertentangan dengan sumber sejarah lain yang lebih kuat dan layak kita percaya.
Dalam berbagai sumber sejarah yang lebih kuat misal prasasti atau sumber naskah kakawin Negarakertagama dan Serat Pararaton, Gajah Mada adalah mahapatih Majapahit jaman pemerintahan maharani Tribhuwanatunggadewi dan masih menjadi mahapatih Majapahit jaman pemerintahan maharaja Hayam Wuruk. Negarakertagama menulis Gajah Mada dikabarkan wafat tahun 1364M, sedang Serat Pararaton menulis Gajah Mada wafat tahun 1368M.
Itu baru soal perbedaan riwayat mahapatih Gajah Mada. Oleh karena itu, ketika nanti kita membaca Babad Tanah Jawi yang menempatkan Gajah Mada sebagai mahapatih Majapahit era ahir, kita sudah mengerti bahwa itu versi naskah Babad Tanah Jawi.
Soal berdirinya kerajaan Majapahit juga perlu kita cermati betul karena terdapat kerancuan juga. Berdasarkan Babad Tanah Jawi Batawi Sentrem, Majapahit didirikan oleh Raden Susuruh, salah seorang keturunan dari Pajajaran yang tersingkir dan menyingkir ke Jawa Timur. Tetapi Babad Tanah Jawi Batawi Sentrem tidak mengisahkan soal hancurnya kerajaan Singasari oleh serbuan raja Jayakatwang sekitar tahun 1292M. Naskah ini langsung mengisahkan Raden Susuruh mendirikan desa Majapahit dan desa ini tumbuh begitu saja menjadi kerajaan Majapahit. Raden Susuruh pendiri Majapahit tidak diberitakan melakukan perang melawan raja jayakatwang di Daha Kediri. Justru Raden Susuruh berangkat membawa pasukan ke arah barat melakukan ekspedisi perang menaklukkan atau merebut kembali tahta kerajaan Pajajaran. Berita soal berdirinya kerajaan Majapahit yang ditampilkan naskah Babad Tanah Jawi Batawi Sentrem sangat berbeda atau tidak sesuai dengan berita dari sumber sejarah lain yang lebih kuat atau yang lebih layak kita percaya seperti prasasti Kudadu 1294M, kakawin Negarakertagama, Serat Pararaton, dan sumber berita dari Negeri Tiongkok dinasti Yuan soal kedatangan armada tempur Kubilai Khan ke tanah Jawa.
Oleh karena itu, penting kiranya jika naskah Babad tanah Jawi Batawi Sentrem dan versi lain serta naskah naskah turunannya dilakukan tafsir ulang atau pembacaan kritis.
Meski ada banyak hal yang perlu ditafsir ulang, naskah Babad Tanah Jawi versi Batawi Sentrem penting untuk kita baca dan kita kenal, paling tidak sebagai bahan perbandingan ketika kita mengaji sejarah tanah Jawa.
Berikut ini saya, SIWI SANG, menampilkan transkip asli naskah Babad Tanah Jawi terbitan Balai Pustaka Batawi Sentrem yang saya ambil dari situs web Sastra.org. http://sastra.org/ /Yayasan Sastra Lestari Surakarta Indonesia. Tujuan menampilkan naskah ini tentu saja, seperti yang dimaui Yayasan Sastra Lestari, yaitu menyediakan diri sebagai salah satu sumber digital tempat data primer sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri, dan dipelajari secara bebas oleh khalayak luas.
Suatu naskah atau tulisan yang ditampilkan di media digital bebas kita ambil atau kita tampilkan kembali dalam catatan kita. tapi dengan catatan, harus menyantumkan link aslinya. maka silakan berkunjung ke Sastra.org. Di sana ada banyak transkrip naskah Jawa klasik termasuk Babad Tanah Jawi Batawi Sentrem. Selamat MEMBACA. [SIWI SANG]
-----------------
Babad
Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41 (Jilid 01)
Serie No.
1289
Babad
Tanah Jawi
Jilid: 1
Nyariyosakên
sajarah wiwit saking Nabi Adam dumugi para dewa, lajêng para ratu ing tanah
Jawi wiwit saking Bathara Brama sarta Bathara Wisnu dumugi nagari Pajajaran
tuwin madêgipun nagari Majapait
Bale
Pustaka - Batawi Sèntrêm 1939
Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600
Bêbuka
Sêrat
Babad Tanah Jawi punika kathah. Ingkang sampun kaêcap, kaumumakên wontên,
ingkang dèrèng kaêcap utawi botên badhe kaêcap pintên-pintên, pinanggih wontên
ing pasimpênanipun para sêpuh, ingkang angsalipun saking tilaranipun para
lêluhur ingkang sampun botên wontên, sarta ingkang badhenipun kawarisakên
dhatêng anak putu ingkang kantun. Dene para lêluhur anggènipun sami simpên
Sêrat Babad Tanah Jawi wau, sakawit inggih saking nurun sêrat babad
gadhahanipun sanès. Turunanipun gêntos katurun ingkang sami kapengin gadhah,
lajêng katêdhak ing sanès, lumunta-lunta ngantos dados pintên-pintên kadosdene
wontênipun samangke.
Mênggah
sêdyanipun anggènipun sami nurun utawi nêdhak wau, sakawit inggih namung badhe
kangge simpênan piyambak, kangge waosan piyambak utawi nyêngkanipun kangge
waosanipun anak putu. Rèhning makatên, dados panêdhakipun inggih namung
sasêkecanipun, manut kajêng utawi sênêngipun piyambak, manawi mrangguli ingkang
kamanah lêpat, dipun lêrêsakên, manawi kamanah kirang, dipun wêwahi,
sapiturutipun.
Mila inggih botên anggumunakên, dadosipun samangke Sêrat Babad Tanah Jawi wau inggih warni-warni sangêt. Ugêr wontên ingkang gadhah mèh kenging kaêjibakên tamtu beda kalihan gadhahanipun sanès. Angèl sangêt badhe anyumêrêpi utawi pados pundi ingkang taksih baku. Kangge anggampilakên pamilih wau, ingkang prayogi piyambak sasagêd-sagêd inggih pados ingkang sêpuh. Tata lairipun barang sêpuh punika dèrèng kathah ewahipun. Sasampunipun gadhah ancêr-ancêr pamilih ingkang sêpuh, manawi sagêd inggih lajêng madosi wontên ing papan dununging asalipun, inggih punika ing karaton Jawi. Awit Sêrat Babad Tanah Jawi punika dumadosipun tamtu wontên ing karaton. Sarèhning sami-sami karaton, karaton ing Surakarta punika ingkang sêpuh piyambak, mila pêthèkipun inggih ing ngriku punika dununging Sêrat Babad Tanah Jawi ingkang upaminipun sampun botên baku, inggih dèrèng kathah onyanipun saking ingkang baku.
Kalêrêsan,
bibliotik ing Lèdhên ing nagari Walandi anggadhuh nyimpên sêrat wau,
gadhahanipun pamarentah Walandi, pisungsung saking Ingkang Sinuhun Kangjêng
Susuhunan Pakubuwana VII, tur têdhakanipun sungging wontên ingkang sampun
dumugi ing Ngayogyakarta, ing bibliotikipun Tuwan Dr. Th. Pigeaud.
Dening
Bale Pustaka sêrat wau lajêng dipun panggih, ingkang lajêng kawêdalakên samangke
punika.
Manawi
katandhing kalihan sêrat babad sanèsipun, utawi Sêrat Babad Tanah Jawi ingkang
sampun sumêbar, botên namung katingal bedanipun kemawon, nanging ugi katingal
mênangipun sêpuh, sarta cara tiyangipun mangangge makatên mênang cancut, mênang
singsêt, sarta mênang runtut. Ewadene sanajan sarwa singsêt, manawi sawêg
nyariyosakên lêlampahan utawi kawontênan ingkang kamanah èdi tuwin pèni, tlêsih
utawi andharipun inggih botên anguciwani.
Mila
èsthining manah, Bale Pustaka anggènipun ngêdalakên Sêrat Babad Tanah Jawi
punika kajawi niyat mêwahi waosan utawi sêsêrêpanipun bôngsa Jawi, ugi niyat
mêmêtri tilaranipun pujôngga kina ingkang pantês dipun papêtri.
Mugi-mugi
ancasipun Bale Pustaka ingkang samantên wau kasêmbadana.
Bale
Pustaka
---------------
1. Sajarah
Wiwit Nabi Adam Dumugi Para Dewa
munggèng
sarkara ring ukara nis sasmita tan sumukèng pustaka kang tyas rujit karêjête
lir antaka kawantu mung wisesaning Hyang Kaèksi kang nitah amêmatah ing boga
sawêgung kang amurwa sipat purba kang ambagi sagala isining bumi nimpuna
paripudya
kang asih mring rahsanya ngasihi môngka manggala para dinuta dipèng rat wuryaningrate rêspati kang rinasul warana ris nayakèng bumi kunêng kawit kawangwang wêwangson winangun rawining rat nusa Jawa kinarsakkên dinawa supaya dadi manpangat winasiat
môngka
pangèngêt amêmèngêti wajib sajarah ing tanah Ngarab tuhu ing Jawa tan pae
pamilanging lêluhur pan ing nguni kalimôsadi pustaka-pinustaka ing karsa Sang
Prabu Pakubuwana kaping pat pinrih aja parbatan wit carita di aywa nanggung
rêkasa
santosaa
ri wardaya dening muktamate carita punika winangun lawan kususe tinurut
urutipun malar dadya têpa palupi ri kang karsa amarna nênggih Jêng Sinuhun
Pakubuwana ping sapta anglêluri anggit[1] ing rama narpati pinrih sapangatira
tumêraha
trus ing wuri-wuri warananing murwèng kawiryawan wahyaning wahyu wiyose
mawantua rahayu yuwanane dènya ngayomi ring wadya sadayanya kasub sabiyantu
aywa na sangsayanira amanggiha suka arja sanagari dening dana narendra
nihan
nalika martèng palupi Tumpak Wage ping gangsal ing Rajab lumaksanèng taun Ehe
Sancaya môngsa catur Môndhasia dèn sangkalani dadi rasa sabdendra[2]
muga Hyang Kang Ruhur marma martana nugraha inistura ing rahmat Sang Murbèng
Bumi mring sang krêtartèng praja
purwaning
wasita kang tiniti sajarahing nata kina-kina ing nusa Jawa babade dhihin
ingkang lêluhur Nabi Adam putra Nabi Sis Sis putra Hyang Nur Cahya Nur Cahya
sêsunu anama Sang Hyang Nur Rasa Hyang Nur Rasa pêputra Hyang Wêning nênggih
pêputra Sang Hyang Tunggal
Sang Hyang
Tunggal Guru ya putrèki Guru atmajanipun lêlima Sang Hyang Sambo pambayune
Brama ingkang panggulu Mahadewa panêngahnèki Wisnu wuragilira kang jumênêng
ratu jumênêng ing nuswa Jawa iya iku têtimbanganing agami Islam nagarèng Mêkah
pamêkase
anama Dèwi Sri Bathara Wisnu jumênêng nata Prabu Sèt pilih sisihe ana malih
winuwus ya nagara ing Gilingwêsi ana jumênêng nata ngaran Watugunung samana ing
nuswa Jawa apan rinèh Prabu Sètmata kêkalih samya digdayèng rana
enêngêna
wau kang ginupit kocapa Sang Hyang Pramoni Tunggal ing Suralaya prajane nênggih
Bathara Guru pan adarbe sêngkêran putri ing Mêdhang yu utama ri karsa Hyang
Guru ingunggahakên ing swarga pan kinarya graha dening Hyang Pramoni sira putri
ing Mêdhang
nênggih kala samana narpati Bathara Wisnu lagya pêpara amanggih dyah kênya anèm warnanya tuhu ayu angluwihi èstri sabumi jêjuluk Ni Mbok Mêdhang sang nata kapencut umulat ing ni mbok rara dyah punika pinundhut kinarya rabi mring sang sri naranata
ri
salaminya sri narapati umadêg nata ing madyapada dèrèng umulat lamine ing dyah
kang lwir sang arum tuhu ywan dewaning dyah lêwih ayunya tanpa sama irika Hyang
Guru dahat ri kang bramantyanya mring atmaja ri kang nama Wisnu nênggih dènya
ngrisak sêngkêran
Hyang
Narada sigra dèn timbali Kakang Narada gya tumuruna mring madyapada dèn age
timbalana Si Wisnu lah maria jumênêng aji ya ta Sang Hyang Narada gya sira
tumurun ing rika mring madyapada Prabu Wisnu apan ta sampun kapanggih lawan
Sang Hyang Narada
Sang Hyang
Rêsi Narada sigra ngling hèh Ki Wisnu praptèngong ing sira dinuta ing sudarmane
ari Pramèsthi Guru dahat runtik mring sira kaki hèh Ki Wisnu ring mangkya pan
sira tinundhung pinêcat karatonira de Hyang Guru dosanya ya kumawani ngrabasèng
sêsêngkêra
nya kang nama Nini Mêdhangkaki yeka sinêngkêr ing yayahira ing mangkya têmah derangge dadya sira tinundhung ri mangkya maria dadya ji ya ta mênêng tan mojar Sang Bathara Wisnu myarsa runtiking kang yayah agya kesah datanpa rewang pribadi anusup ngayam alas
madyèng wana yeka na waringin madulur pipit wohnya ngrampayak ring sornya rêsik talane ya Sang Bathara Wisnu martapèng sasoring waringin têkap lalu saking tyas alungguh pitêkur masidhakêp suku tunggal saha matyani ring babahan sangèki sêdya ya matya raga
ing rika Hyang Narada gya mulih sigra dhatêng ing kayanganira ing dalêm Suralayane wus kapangguh Hyang Guru Sang Rêsi Narada turnya ris suta kita wus kesah mring waringin pitu lalu lara kawlas arsa mangun tapa umunggwèng madyèng wanadri dahat brôngta mangarang
2. Prabu Watugunung ing Gilingwêsi
2. Asmaradana
1. sigêgên
datan winarni | Hyang Girinata ing swarga | ri kang gantya kawiraos | kang
munggwing ing madyapada | wontên nata utama | kahananing madêg prabu | nama Sri
Selaprawata ||
2.
prajanya ring Gilingwêsi | Ratu Anyakrawatyèngrat | ing jagat pilih bobote |
karananya mangkaneka | dening bandhu sadara | Maharaja Watugunung | rikwing
manyakrèng buwana ||
3. yeka
sadara narpati | wolu likur jalu padha | karana pilih bobote | ya Sang Sri
Selaprawata |
--- 1 : 11
---
kasub
kaloka ring rat | jênêngira sang aprabu | kinatakutan prang muka ||
4. yeka
praja Gilingwêsi | ring unya pan lagya rêngka | gara-gara kèh warnane | jalajat
ywan praja rêngat | grahana surya wulan | ring ratri wintang kumutug | kilat
thathit mawalikan ||
5. asalah
mangsaning warsi | lindhu kêtug pracalita | gonjing jinjanging arga grèng |
samudra ryaknya lumembak | jumêgur asauran | ingkang dadya purwanipun |
gara-garaning nagara ||
6. dêning
Prabu Selaardi | kênèng cobaning bathara | kawilêt kalimput ing rèh | lupa
kalimput ing angga | kawêngan tar kawangwang | wêwanguning silarja yu | mung
kayungyun ingkang garwa ||
7. tur
ibunira pribadi | miluta pinurwèng tingkah | winêngku rangkah rinêngkoh |
nêmpuh byat rèh kang watgata | Sang Prabu Selaarga | katambuhan gênging wibuh |
ing Ibu Sang Prabu Sinta ||
8. saking
katambêtan dening | tan wruh yèn ibu priyôngga | garwanira sang akatong | kang
garwa dahat tan wikan | yèn lakine kang putra | saking lami pisahipun | dadya
supe kalihira ||
9. satêmah
kinarya swami | mila gêng kang gara-gara | èmêng tyasira sang katong | alênggah
lawan kang garwa | pramèswari Sri Sinta | mangun mangunêng manungku |
ngayêm-ayêm driyanira ||
10.
sêsarean sri bupati | munggwing pangkon ingkang garwa | sarwi pinetan sang
katong | mring garwa Sang Dèwi Sinta | dangu-dangu katingal | cirining sirah
sang prabu | tiningalan [ti...]
--- 1 : 12
---
[...ningalan]
lamun buthak ||
11. kang
garwa umatur aris | mring Raka Sri Selaarga | inggih punapa purwane | dene
sirah tuwan buthak | sang nata angandika | sira tanya purwanipun | duk lagya
ngong misih bocah ||
12.
ambêlêr ingsun kapati | ingsun mular minta sêga | kasusu bae tyas ingong | tan
kêna sinarèhêna | ibu ngong lagya adang | dadya sarêngên mring ingsun |
grêgêtên andulu ringwang ||
13. dèn
thuthuk enthong dhas mami | puwara atêmah buthak | dadya lara atiningong |
lunga anglangut don paran | tan etang baya pêjah | ing mêngko wus olih ingsun |
kanugrahaning jawata ||
14. bisa
umadêg narpati | Basundari ibuningwang | Radèn Radite ran ingong | kang garwa
duk amiyarsa | pangandikaning raka | kumêmbêng tyasira mangu | ngungun
mangunêng ing nala ||
15.
linalar-lalar liniling | lêng-lêng sangsaya kèlingan | yèn ing nguni atmajane |
dèn thuthuk enthong gya lunga | winatara yèn buthak | garjita sajroning kalbu |
tan samar yèn ingkang putra ||
16. têmah
dadya jatukrami | wus pinasthi ing jawata | tan kêna gingsir salire |
solah-tingkahing kawula | kapurba kawisesa | nanging wusana pinupus | sinandi
rèh kasandeyan ||
17. sang
rêtna matur sang aji | amba bêbana ing tuwan | mugi tulusa ing sihe | kang raka
aris ngandika | apa kang sira têdha | sun têkani sira masku | pramèswari
aturira ||
18. kang
kula suwun sang aji | mugi
--- 1 : 13
---
tuwan
akramaa | wanodya kang lêwih kaot | lan aminta malih ingwang | ulun kinawayuhna
| lawan sakwèhning para rum | apsari ing Suralaya ||
19. suka
gumuyu narpati | ya Sang Sri Selaprawata | aringong kang ayu tan lèn | ya
siratma jihwaningwang[3] | tuhu ywan kèh artinya | têkap sire
minta maru | ya ngong têkani karsanya ||
20. kita
minta pra apsari | yeka praja Suralaya | ya agya ngong unggahane | sakwèh
widadari swarga | sun turune sadaya | kaatura ring sang arum | dadyaa
parêkanira ||
21. hèh
karia sira yayi | ingong umijil ing jaba | amêpak wadya sakèhe | kalawan
sêsanjatanya | ambêdhah Suralaya | sang aprabu gya umêtu | alunggwèng ing
panangkilan ||
22. pêpak
kang prawirèng jurit | muwah ri kang pra santana | asaos ngarsanirandhèr |
namaning pra santananya | Tolu Gumbrêg Wariga | Warigagung lan Ki Julung |
Sungsang lawan Ki Galungan ||
23. Ki
Langkir Môndhasiyèki | Julungpujut lan Ki Pahang | Kuruwêlut Ki Marakèh |
Tambir lan Ki Madhangkungan | Ki Maktal Wuye ika | Manail lan malihipun | Ki
Prangbakat ingkang nama ||
24. Bala
Wugu lan Ki Ringgit | Kulawu Dhukut namanya | Landêp anênggih garwane | Wukir
Kurantil jangkêpnya | lingnya sri naranata | hèh sakwèh sêsanak ingsun | myang
punggawèngong kabèhnya ||
25. apan
ngong arsa nglurugi | ri kang praja Suralaya | ya ri kang dewa sakèhe | ywan
tatan [tata...]
--- 1 : 14
---
[...n]
arsa nungkula | iya ring jênêng ingwang | ring Suralaya ngong gêmpur | muwah
ring Paparewarna ||
26.
gêgaman ing Gilingwêsi | lah agya sira pêpêka | myang pra pratiwa sakèhe | saha
sanjatèng ayuda | dadyaa pangarsèng prang | ywan dewa tan arsa têluk | Suralaya
unggahana ||
27. lah
aywa kita kuwatir | ywan dewa muwah jawata | kapwa dhadhungên gulune | ngong
karyane kêkêboan | mongsèka wèh citraka | saha punggawa tur manuk | ya sandika
ring aturnya ||
28. gya
pratiwèng Gilingwêsi | saha manêmbang tangara | gong bèri umyang swarane | ri
kang têtêg lir butula | angrok pangriking kuda | bêndhe tinêmbang mangungkung |
sumahab bala wahana ||
29. sakala
pêpak kang baris | anglir giri kapawakan | busana bra ywan tinonton | lir
panjrahing sarwa sêkar | dènya kèh lèn warnanya | kucêm ujwalèng sitangsu |
kasonyan ujwalèng sara ||
30. ing
pangriking turanggèsthi | karêngya lir arga bêlah | kriciking watang ya rame |
mawor gadêbêging bala | lèn panguwuhing rowang | riking balakuswa grêgut |
anglir mangrêpak ancala ||
31.
ênêngakêna ring nguni | ya Sang Sri Selaprawata | arsa minggah sabalane | arsa
ngrisak Suralaya | angayoni jawata | mangkana ri kang winuwus | nagara ing
Suralaya ||
32.
gara-garanya kèh prapti | prahara gêng pôncawara | kèh rêbah ri kêkaywane |
kawah ran Côndrabinuka[4] | umyang ya
mawalikan |
--- 1 : 15
---
dhoyong
kayu dewadaru | sangêt nyaring bayu-bajra ||
33. myang
wot ran si ogal-agil | malang lwir arsa rubuha | lawang sila[5] matangkêbe | bale ran samarcukundha | mangalih
arsa rêbah | narakanya mbèr malêtuk | myang êndhut si blêgêdaba ||
34. jawata
kapwa angili | muwah ri Paparewarna | ing karang kawidadarèn | iya ring
jonggring salaka | gègère apuyêngan | jawata padha lumayu | mangungsyang Hyang
Girinata ||
35.
datatita linging nguni | kocapa Rêsi Narada | samana gègèr manahe | mulat ring
gêng gara-gara | myang dewa apuyêngan | Hyang Narada gya lumayu | akarsa
angrêmbagana ||
36. iya
mring Sang Hyang Pramèsthi | ri kang pra dewa pêpêkan | ya umunggwèng ing
ngarsane | Bathara Guru sineba | mring sang para juwata[6] | yeka ri kang munggèng ngayun | Bathara Sambo
Kuwera ||
37.
Bathara Brama lan Sakri | Bayu lan Sang Mahadewa | Sang Hyang Narada dan linge
| ari Guru paran baya | praja ing Suralaya | magêng gara-gara rawuh | ri
salaminya ngong mulat ||
38. apan
tan kadya ring mangkin | lah punapa kang amawa | Sang Hyang Guru mojar alon |
hèh kakang lah wruhanira | apan ing madyapada | ya ana yogyaning ulun | arsa
minggah Suralaya ||
39.
prajane ing Gilingwêsi | ratu sêkti mahambara | Si Watugunung namane | ri kang
apsari ring swarga | ya arsa dèn turuna | Hyang Narada dahat jêtung | sabdanya
lok katiwasan ||
40. ywan
Ratu
--- 1 : 16
---
ing
Gilingwêsi | yayi ing cipta manira | môngsaa nèk katandhinge | pra jawatèng
Suralaya | lah parênga umara | mungsuh Risang Watugunung | kaya tatan ananôngga
||
41. lah ta
ing mangkya ngong tari | sakèh Dewa Suralaya | myang para jawata kabèh | kang
wadya maguta sapa | mara ring tandangnya ya | iya ring Sri Watugunung | jawata
kabèh aturnya ||
42. sapala
tatan awani | dewa jawata kabèhnya | anêmbadani yudane | mring Sang Sri
Selaprawata | lingnya Rêsi Narada | lah kaya pawêkasipun | tan wandya ywan
kasusahan ||
43.
sayêktya tan wandya benjing | yèn kinarya kakêboan | mring manusa ya têmahe |
Hyang Pramèsthi ya lingira | hèh ta Kakang Narada | ring mangkya kita ngong
utus | tumurun nèng madyapada ||
44.
mintaèng sraya kang sêkti | manusa ri kang kawawa | ring Watugunung jurite | ri
atur Sang Hyang Narada | ywan ulun tumuruna | yêkti ulun ginaguyu | mintaa
srayèng manusa ||
45.
pasthinya lamun kabalik | dewa narayèng manusa | apan tan ana yogyane | ari
Guru tanggêh ringwang | ywan kita mêngsahana | kalawan Si Watugunung | tan
lyana atmaja kita ||
46. inggih
Kaki Wisnu yayi | tinantun ywan purun mapag | mring Watugunung jurite | ywan Ki
Wisnu èstu mênang | ingapura dosanya | ya sabda lon Sang Hyang Guru | lah
kakang sarèhanira ||
47. apan
ulun anuruti | sok Kaki Wisnu wania | Sang Hyang Narada nulya ge | anurut mring
nayapada |
--- 1 : 17
---
ri kang
yun tinêdhaka | iya ran Bathara Wisnu | nguni kang madêg sri nata ||
3. Sinom
1.
datatita linging ngunya | kocapa kang matya ragi | anèng sor waringin sapta |
taman mobah tan amosik | tansah pitêkur linggih | sira Sang Bathara Wisnu | ri
laminya dinukan | ring yayah tan arsa mulih | sangsaya sru ya pitêkur matya
raga ||
2. irika
dyan kawarnaa | Sang Hyang Narada gya prapti | Sang Hyang Wisnu apan mulat |
ywan Rêsi Narada prapti | ing tyas dahat kumitir | hyang rêsi mulat ing Wisnu |
lalu wlasirèng nala | mring Wisnu amati ragi | ya ta uwus atata lungguh masila
||
3. dêling
ya Sang Hyang Narada | karana ngong praptèng ngriki | dinuta sudarmanira | lah
kita mangkya dèn sèngi | umunggaha ring swargi | têkapning Bathara Guru | marma
dèn sèngi sira | dènira Sang Hyang Pramèsthi | ya ing swargaloka kaparag
prahara ||
4. akèh ri
kang gara-gara | jawata kapwa ya wingwrin | kawah Si Côndrabinuka | umob kadya
manangkêbi | ya wot si ogal-agil | mènggung kaywa dewandaru | bale si
marcukundha | mènggung rênggang lwir ginonjing | karan sangêt gègère
Paparewarna ||
5. iya
ring jonggringsalaka | widadara-widadari | mangili ajrih ing kawah | têkapning
kang jalajati | ya ulun mirsa warti | apan Sang Sri Watugunung | prajanira sang
nata | ya mangaran Gilingwêsi | pan kaloka yèn nata prawirèng yuda ||
6. yeka
[ye...]
--- 1 : 18
---
[...ka]
Sri Selaprawata | ri mangkyarsa anglurugi | ambêdhah ing suralaya | arsa nawan
widadari | kadyapa kwangong tari | kakyapa ta sira purun | yèn tandhinga
digdaya | lan Nata ing Gilingwêsi | ri kang nama Sang Sri Selaprawatèka ||
7. Bathara
Wisnu lingira | yèn sèstu ulun kaidin | tatar wiyang ring pangagnya | ya dyan
atêmahan pati | ulun pan anglampahi | ri sapangagnya Hyang Guru | tatar wiyang
ring karsa | ya awak ulun upami | lwir antiga ywan rêmak binuncangêna ||
8. sukèng
tyas Rêsi Narada | ywan kayeka kita kaki | lah payo minggah mring swarga |
Bathara Wisnu sabda ris | ulun arsa apamit | ring somah ulun rumuhun | karsa
mulih sakêdhap | lah antènana ing ngriki | anauri lingnya Sang Rêsi Narada ||
9. lah
kaki ring karsaningwang | ywan kêna ywa kita mulih | pan kita lagya dinukan |
mring yayahira ring nguni | mangkya lagya dèn sèngi | sira têka tan agupuh |
sumêlang mulyèng wisma | among lulut lawan rabi | dadya ngunggar runtike
sudarmanira ||
10.
Bathara Wisnu lingira | pan wus jamakipun ugi | rèhane ing madyapada | arêrukon
lawan rabi | ywan lunga ya sung warti | ywa dadya pangayun-ayun | nadyan têmah
palastra | ring wuri pan aywa watir | ulun kesah ing wuri ecaa ring tyas ||
11. apan
tan adangu ingwang | ya nuwun marwatèng[7] rabi | myang rakyat kang karyèng wisma |
ulun gya mali mariki | Hyang Narada sira ngling | iya aywa dira[8] dangu |
--- 1 : 19
---
sigra
mêsat ngambara | Bathara Wisnu kang mulih | dan warnanên Ni Mêdhang kang
karyèng wisma ||
12. rikala
katilar wawrat | Bathara Wisnu wêwêling | ywan umijil garbininya | yèn jalu
sutanya benjing | namanana Srigati | ring mangkya umijil jalu | pêkik
suwarnanira | wus ingaran Sang Srigati | sangsaya lama Sang Srigati diwasa ||
13. pan
tansah atakwan bapa | sapta dina sapta ratri | amular takèn sudarma | kang nama
Radèn Srigati | nanging tan dèn jatèni | saksana gya maring ibu | ya mangkana
lingira | ibu lah têdahna kami | ring unggyanya sudarma kang yogya ringwang ||
14. ywan
upama parastraa[9] | dèn larung
candhinya ngêndi | lalu ring kaarsaningwang | abêktya ring yayah mami | bibi
mèwêh ring galih | wasana gya ngling atuduh | dewa kita mênênga | ri mangkya
ngong ya sung warti | lah wruhanira dewa ya sudarmanta ||
15. apan
ta dudu manusa | ya sudarmanta ya kaki | sajatine ya jawata | ring ajal kamulan
nguni | ring Suralaya yêkti | amangaran Sang Hyang Wisnu | duk lunganya matapa
| ya sudarmanira nguni | ri lamanya duk kita anèng wawratan ||
16. ring
aturnya ya mlas arsa | sira Rahadyan Srigati | nadyan yayah ngong jawata |
sayêkti ulun yun uning | ibu sèngana mulih | ibunya aris sumaur | lah iya
mangkya uga | manawa ngong sèngi kêni | sudarmanya mangkya ulun amêmujwa ||
17.
umunggah sanggar langgatan | mahayun muja samadi | saha lan atmajanira |
ingkang nama Dyan Srigati |
--- 1 : 20
---
gêntha
kêkêlèng muni | manunya dupa kumutug | kumêlun marantugan[10] | ya ri kang mujwa samadi | Ni Mbok
Mêdhang saha lan atmajanira ||
18. ri
kang pinuja gya prapta | Bathara Wisnu ya linggih | Ni Mbok Mêdhang pan uninga
| yyanira[11] kang lagya prapti | Ni Mêdhang bêktyèng laki
| nganjali nungkêmi suku | Wisnu gya ngol ring graha | sarya ngling linggiha
ari | iya uwus ngong anarima bêktinya ||
19. Sang
Hyang Wisnu kagyat mulat | yeka na wong anom linggih | umunggwing wurining
graha | warneka tuhu ya pêkik | saha cahya lwir sasi | Bathara Wisnu amuwus |
hèh nini iku sapa | ing wuri iku alinggih | ararywa nom satuwuk ngong tar
umulat ||
20. manêmbah
angling Ni Mêdhang | pukulun kang lunggwèng wuri | ya atmaja duk tinilar |
wawratan kinèn ngarani | inggih Radèn Srigati | Sang Bathara Wisnu emut |
kalamun grahanira | kala katilar garbini | linging nala Wisnu kaya yèn gêdhea
||
21. wus
lama gwan ingsun lunga | sutèngong saèstu pêkik | Bathara Wisnu lingira |
sutaningsun iku nini | sapa sira ngarani | ling garwa inggih pukulun | wastane
sutandika | ya ngaran Radèn Srigati | Bathara Wisnu dahat trêsnèng atmaja ||
22.
Rahadyan Srigati mojar | ring ibu arum amanis | ibu lah sapa rowangnya |
angling ulun arsa uning | têkap dahat tan kèksi | ibunya aris sumaur | yèku
sudarmanira | lah kaki rowang ngong angling | ya
--- 1 : 21
---
ta mojar
Srigati mring ibunira ||
23. lah
ulun uningakêna | ibu ring sudarma mami | gumuyyèng[12] tyas sudarmanya | baya ngling mring
atmajèki | ywan tuhu kita ugi | kaki ya atmajaningsun | pasthi kita wruh
ingwang | ya mangkana Dyan Srigati | tan antara wus wruh ring sudarmanira ||
24. gya
manganjali rahadyan | mring yayah sarya nungkêmi | Hyang Wisnu gya ngol ing
suta | lingnya dhuh atmaja mami | tuhu sira ki pêkik | lah lungguha atmajèngsun
| ri uwus kapwa lênggah | Bathara Wisnu ling aris | mring grahanya aringong
awartèng kita ||
25.
iyèngsun dèn sèngi mangkya | dènira Sang Hyang Pramèsthi | umunggah ing
Suralaya | karana ingong dèn sèngi | kinon mapag ajurit | nira Sang Hyang
Watugunung | Prabu ing Gilingwêsya | yeka ri kang mangunggahi | ri karsanya
angrabasèng Suralaya ||
26. iku
ngong kinèn mapaga | ring yudane sang narpati | lah ari kita kantuna | marma
ngong wartèng sirèki | manawa ngong nêmahi | tiwas rèh ingong prang pupuh |
mêngsah Selaprawata | lah yayi wêwêkas mami | amung kita kariya mukti wibawa ||
27.
grahanya ya asmu waspa | Radyan Srigati gya angling | mring yayah saha wotsêkar
| ulun pan tumuta jurit | dahat alumuh kari | saparan ulun ywa kantun | nadyan
têmah parastra | ulun arsa wruha ugi | sigra mojar Bathara Wisnu mring putra ||
28. dhuh
radyan atmajaningwang | ywa kita umilwèng kami | apan maksih [ma...]
--- 1 : 22
---
[...ksih]
rare kita | durung mangsaning ajurit | lan tan winênang kaki | kalamun manusa
tuhu | munggah ing Suralaya | lah uwis karia kaki | lan ibunya lah uwis padha
karia ||
29.
Bathara Wisnu dyan musna | mring waringin pitu malih | datan adangu wus prapta
| Rêsi Narada ya nganti | anèng soring waringin | gya Batha Wisnu rawuh |[13]
sasor waringin sapta | wus samya tata alinggih | apan lagya agunêm ing
lampahira ||
30.
mangkana ri kang kocapa | kang tinilar pan Srigati | arsa tumutur ing yayah |
amicara ing jro ngati | ya ring panêdha mami | marang bathara linuhung | nadyan
pêjah gêsanga | iya awak ulun iki | aywa pisah lan sudarma ngwang atuwa ||
31. apan
dahat tanpa rasa | ri kang kadya awak mami | ingakên atmaja lanang | sudarma
mentar ajurit | ingong eca akari | yêkti ngong wong tanpa kalbu | ywan ngong
iki yêktia | atmajane Wisnu jati | muga ringwang bisa angambaha wiyat ||
32.
tumulya mêsat ngambara | sirèka Radyan Srigati | tantara dangu gya prapta |
soring waringin saptèki | radyan tumulya linggih | ring wurinya yayahipun |
kagyat sang rêsi mulat | mring sira Radyan Srigati | Hyang Narada mring Wisnu
aris dêlingnya ||
33. lah
iku ta kaki sapa | nèng wurinira alinggih | Bathara Wisnu saksana | agya
tumolih ing wuri | kagyat Wisnu mulat ing | Srigati lunggwèng ing pungkur |
kapanane ta kita | iya tumutur ing kami | nulya
--- 1 : 23
---
angling
Sang Wisnu majar[14] awarta ||
34. apan
punika sutèngwang | ya mangaran Sang Srigati | patutan lawan Ni Mêdhang | Sang
Hyang Narada sigra ngling | dhuh sutèng ulun kaki | lah sira kon iku mantuk |
manawa kadênangan | mring Guru Sang Hyang Pramèsthi | atêmahan iku mêwahi
dosanya ||
35. yèn
suta kita milua | mêwahi bramaning galih | apan nguni grahanira | sinêngkêr ing
Hyang Pramèsthi | myang kaki ta dhingini | karana sangêt ing bêndu | yayahira
mring kita | mangkya kita lagi-lagi | ingapura sinarwèng sudarmanira ||
36. karane
kawêruhana | ywa karya pangrêbdèng runtik | Bathara Wisnu lingira | ing nguni
wus ingsun pênging | kala ana ing panti | asangêt pangampah ulun | ulun dahat
tan wikan | panusule praptèng ngriki | alah uwis Srigati kita muliha ||
37. lah
aywa umilu ringwang | kaki dahat datan polih | manusa mring Suralaya | Rêsi
Narada sigra ngling | payo mangkat tumuli | dimèn suta kita kantun | umuliha
ring wisma | lah uwis kita Srigati | ingong tilar lah payo ungkur-ungkuran ||
4. Pangkur
1. dyan
umêsat angambara | Hyang Narada andêdêl ing pratiwi | Bathara Wisnu tan kantun
| apan mring kadewatan | tan adangu mring Suralaya wus rawuh | ing lawang
matangkêb sela | lawan wot si ogal-agil ||
2. lan
êndhut si blêgêdaba | Hyang Narada ya ta lingira aris | ywan suta kita anusul |
nadyan bisa ngambara | ngong watara tan bisa [bi...]
--- 1 : 24
---
[...sa]
angambah pintu | ywan ana manusa lintang | apan lawang iki mipit ||
3. nadyan
ing lawang bisaa | pasthi tiba ing wot si ogal-agil | lan tan bisa ngambah
êndhut | apan ika manusa | alah payo Kaki Wisnu kapwa laju | saksana samya
lumakya | cumundhuk ing Hyang Pramèsthi ||
4. tan
adangu nulya prapta | Hyang Pramèsthi apan lagya alinggih | pra dewa ya
munggèng ngayun | Brama Sakri Kuwera | Mahadewa Sambo lan Bathara Bayu | Sang
Hyang Narada wus prapta | Bathara Wisnu nganjali ||
5. ri uwus
tata alênggah | saha samya ugêm Sang Hyang Pramèsthi | lawan pra dewa sadarum |
warnanên malih sira | nguni ri kang tinilar waringin pitu | tansah amrês ing
tyasira | ri kang mangaran Srigati ||
6. arsa
tumutur ing yayah | saha pratignya ring tyas pasang giri | ywan saèstu
raganingsun | sutèng Wisnu sayêktya | muga dinulura ring bathara luhung |
sêdyèngong nut wuri yayah | aywa sah parastra urip ||
7. dyan
umêsat mring gêgana | Srigati mangandêl ing mega putih | ing kadewatan dinunung
| tan kandhêg lampahira | praptèng lawang sela matangkêb duk mangu | lan êndhut
si blêgêdaba | myang uwot si ogal-agil ||
8. naraka
yomani loka | ya ta kandhêg lampahnya Sang Srigati | mangkana ya angganipun |
apan wus pinratignyan | ywan sajatya ngong sutèng Bathara Wisnu | lah ugi
ingong bisaa | angambah ring awan iki ||
9. ywan
[ywa...]
--- 1 : 25
---
[...n]
sayêkti dudu ingwang | ri kang suta Bathara Wisnu jati | lah lêbura ya wak
ingsun | anèng yomani loka | dyan lumakya Rahadyan Srigati laju | waluya ring
lampahira | naraka tan ambayani ||
10.
jumujug ing kadewatan | ri praptanya Dyan Srigati alinggih | munggèng wurinya
Sang Wisnu | Hyang Guru kagyat mulat | lamun ana rarywa nom lungguh abagus |
ing wurinya Wisnu ika | anabda Sang Hyang Pramèsthi ||
11. hèh
Kaki Wisnwèku sapa | ya kang anèng wurinirèka linggih | Hyang Narada gya umatur
| inggih yayi punika | ingkang linggih atmajanya Sang Hyang Wisnu | patutan lan
Ni Mbok Mêdhang | malêrêk Sang Hyang Pramèsthi ||
12. sru
umengo ring lungguhnya | dahat runtikira Sang Hyang Pramèsthi | umadêg dera
alungguh | agya lumêbèng pura | jajanya brit pratôndha ywan bramatya[15] sru | Rêsi Narada
wus wikan | yèn Hyang Guru lalu runtik ||
13. Narada
saha nut wuntat | Hyang Pramèsthi bramatanya sarya ngling | lah kakang
wartiyèng Wisnu | agya konên umentar | amapaga ing jurite Watugunung | sutanya
dera pundhuta | iyarsa ingsun patèni ||
14. ngong
karya tawuring swarga | Hyang Narada lampahira gya bali | sarya ngling mring
Sang Hyang Wisnu | lah apa ujar ingwang | marang sira nguni têkap atmajamu |
têmah gagas runtik iya | iku nguni mêtwèng ngêndi ||
15. iku si
baya raryapa | têkap tan tiba ring wot syogal-agil | lah kita Bathara Wisnu |
agya kinèn [kinè...]
--- 1 : 26
---
[...n] lungaa
| kita mapaga jurite Watugunung | kalawan mangkya sutanya | pinundhut Sang
Hyang Pramèsthi ||
16.
kinarya tawuring swarga | yeka têmah rarya dahat tan kêni | pinarnah ing
bêcikipun | sapa ri kang wadyaa | ing runtike Hyang Siwah Sang Wisnu muwus |
lah dahat lênggana ingwang | ywan umapagèng ajurit ||
17. mila
tan purun magut prang | ulun ywan pinundhut sutèngong siji | sayêkti ywan ulun
lampus | anglampahana karya | sapa ri kang gumantya sawuri ulun | muwah ulun
yèn mênanga | lah sintên rowang amukti ||
18.
milwèngong nglampahi karya | pan kawogan buktining suta rabi | ywan Srigati
têmah lampus | ulun môngsa kantuna | tatar kêdah ngong mukti umadêg ratu |
lêhêng ulun dhêdhêkaha | anèng madyaning wanadri ||
19. sok
ugi silih uripa | sutèng ulun ingkang nama Srigati | Rêsi Narada gya muwus |
ywan mangkana lingnèka | yêkti ngong umatur maring Sang Hyang Guru | Hyang
Narada gya umêsat | cundhuk Risang Hyang Pramèsthi ||
20.
lingira lah suta kita | Kaki Wisnu lêngganèng mapag jurit | mêngsaha ring
Watugunung | mila Wisnu lênggana | de sutanya ngaran Srigati pinundhut | pan
dèrèng puput aturnya | kasaru gègèring Jawi ||
21.
aswaralok mungsuh prapta | apan kaandhêg ing sajawi kori | têngran bêndhe munya
ngungkung | têtêg pindha butula | swaraning sanjatanya lir gunung rubuh | ya ta
Si Selaprawata | umangsah mangantêp jurit ||
22.
tandangnya lir
--- 1 : 27
---
singa
barwang | mangajrihi wadya ing Gilingwêsi | saha swaranya manguwuh | hèh dewa
mêtonana | yèn sira jrih manglawan ing tandang ingsun | agya kita tumuruna |
sraha tawan widadari ||
23. irika
Hyang Girinata | kagyat sarya ling swarèng apa iki | ring jaba umyang gumuruh |
swara lir gunung rêbah | Hyang Narada lingnya wontên mungsuh rawuh | ya Sang
Sri Selaprawata | umandhêg jawining kori ||
24.
gumêtêr Hyang Girinata | dharodhogan ywa wak lambe kumitir | ring wêwangkongnya
matarung | ring tyas tanpa rèrèhan | dahat gugup anglingira Sang Hyang Guru |
lah kaya pa rèhanira | Kakang Narada ing mangkin ||
25. ri
aturnya Hyang Narada | kapwan tan wontên lèn yogyane malih | mêhêng Sang
Bathara Wisnu | ri kang yogya maguta | kadi kawawa amapag Watugunung | nanging
yayi atur ingwang | ywan Watugunung ngêmasi ||
26. ri
kang dosa sinapura | Kaki Wisnu saatmaja mwang rabi | ywan pukulun datan
sanggup | sayêtyèng[16] Suralaya | têmah risak dera Sang Sri
Watugunung | panjênêngan kita dewa | pasthi yèn abosah-basih ||
27. dahat
gumêtêr angganya | Sang Hyang Guru gugup sabda wor wêdi | lah inggih kakang
ngong anut | ring karsa rèhanira | lah atagên agya sutèngong Ki Wisnu | iya
mapaga ing yuda | ywan Watugunung ngêmasi ||
28.
sadosanya ngong apura | Kaki Wisnu madêga narapati | sanadyan sipuraningsun |
praja ing Suralaya | dèn pintaa apan iya ingong [i...]
--- 1 : 28
---
[...ngong]
asung | sok Watugunung matyaa | gya ngong lêbok hnèng[17] yomani ||
29. sigra
sira Hyang Narada | gya malaywani ring Sang Wisnu aglis | lah mara gya Kaki
Wisnu | kita mangsaha yuda | sok palastra Maharaja Watugunung | sadêdosanya
ngapura | dera sru durmanirèki ||
5. Durma
1. ling
Hyang Guru sok Watugunung pêjaha | sadosanya ring nguni | apan ingapura | dera
Hyang Girinata | miwah saha suta rabi | lan sira uga | madêga nata malih ||
2. Bathara
Wisnu ling ya apan sandika | ulun inggih nglampahi | saandika nata | nadyan
atêmah pêjah | datan nêdya anggingsiri | mugi angsala | pangèstu Hyang
Pramèsthi ||
3. nulya
umangsah agya Sang Wisnu nata | lan suta ran Srigati | mêdal rananggana | Sang
Sri Selaprawata | umadêg jawining kori | saha sêsumbar | manantang ing ngajurit
||
4. hèh
dewa lah iya kapwa mêtonana | papagên tandang mami | ywan awêdya kita | lah
kapwa manungkula | mumpung durung ngong unggahi | ing Suralaya | lah tawanira
êndi ||
5. gya
praptaa yun-ayunan Wisnu mojar | hèh Ratu Gilingwêsi | ngong palangi sira |
angrusak Suralaya | cilaka pa dera panggih | kadya pa kita | pan wus madeg
narpati ||
6.
dènirarsa angrusak ing dewanira | karya jlajating bumi | kalawan akarya |
rêngkaning Suralaya | duraka pa dera panggih | kêna tan kêna | hèh kita ngong
palangi ||
--- 1 : 29
---
7. kagyat
Sang Sri Selaprawata miyarsa | ana swara dumêling | iya kita sapa | dènya wèh
swara ringwang | ngatona sun arsa uning | Hyang Wisnu nata | tumulya ris dera
ngling ||
8. iya
wruhanya[18] ngong Dewa Suralaya
| Hyang Wisnu aran mami | ya ta sri narendra | Raja Selaprawata | gumuyu atukup
lathi | raganya kita | kang magut yuda mami ||
9. ingong
sidhêp ta kita dudu jawata | raganya amêtoni | lah ta mangkya kita | ywan
saèstwa jawata | ngatona iku ling mami | ywan dudu dewa | kita aywa kaèksi ||
10. gya
ngatingal Bathara Wisnu ing ngarsa | Prabu ing Gilingwêsi | ling suka guyunya |
Sang Sri Selaprawata | yeka ya tar mangajrihi | kadya manusa | rupaning dewa
iki ||
11. apan
tan ulap ingsun mungsuh ing sira | wus kagêm ngasta mami | lah sapa arannya |
Dewa ing Suralaya | Hyang Wisnu sigra nulya ngling | ywan tambêh kita |
iyèngsun Wisnumurti ||
12. mojar
Sang Sri Selaprawata lah iya | kita jurit lan mami | eman ring bagusnya | bilih
sinombagêna | eman payah warna pêkik | ywan kita aprang | wêwah karingêt mijil
||
13. ywan
kita sukèng tyas payo cêcangkriman | iya kalawan mami | lah kita jawaba |
mangkya cangkriman ingwang | yèn kajawab iku mangkin | dene ing kita | lah
patwanana kami ||
14. ya
sêsuwakên angganingwang sadaya | pêgatên cêngêl mami | kita padhatia | ywan
sira tan anjawab | marang cêcangkriman mami | Dewa [De...]
--- 1 : 30
---
[...wa]
ing Sura- | laya nungkulèng mami ||
15. mwang
apsari ngong turunakên sadaya | kasraha maring kami | saksana ris mojar | Sang
Hyang Wisnu Bathara | lah ucapêna tumuli | cangkrimanira | ngong jawabe
samangkin ||
16. agya
manabda Sang Sri Selaprawata | iki cangkriman mami | ana wit adhakah | ya
adhikih uwohnya | woh adhakah wit adhikih | kita jawaba | iku cangkriman mami
||
17. anauri
angling Sang Hyang Wisnu Nata | iya uwit adhikih | uwohe adhakah | apan iku
sêmôngka | iya kang awoh adhikih | uwit adhakah | apan iku waringin ||
18. Sang
Sri Selaprawata anglês ri kang tyas | umênêng tan kêna ngling | angraos kajawab
| ri kang cêcangkrimannya | Bathara Wisnu mangkya ngling | lah dèn prayitna |
sira têka ing jangji ||
19.
Bathara Wisnu sigra mangagêm cakra | Nata ing Gilingwêsi | anulya cinakra |
manduk ing jôngga pêgat | maniba wus angêmasi | gya sinasêmpal | angganya
pinadhati ||
20. ri
sampuning pêjah Sri Selaprawata | pratiwa kwèh wus gusis | umantuk sasaran[19] | dahat takut ri kang tyas | angganya ya
sang narpati | uwus winawa | umunggah ring swarga di ||
21. wus
ingunjukkên ing Sang Hyang Girinata | punika wangke aji | Sri Selaprawata |
pêjah têka ing ingwang | awaknya wus kapadhati | kawênang ya prang | tan alah
ing ngajurit ||
22. apan
kawênang têka ing cêcangkriman | kabukwèng ulun nguni | cangkriman [cangkri...]
--- 1 : 31
---
[...man]
sang nata | suka Hyang Girinata | ri sapêjahnya narpati | Rêsi Narada | lalu
saarsèng galih ||
23. dyan
warnanên ing nguni dyah ngaran Sinta | ri palastraning laki | tatar sah
mangarang | dina ratri karuna | ri kang tansèng anèng tangis | muhung kakungnya
| Sang Sri ing Gilingwêsi ||
24. ri
tangisnya saha karya gara-gara | mêndhung galêdhêg[20] muni | jawah salah môngsa | lesus gêng
pôncawara | mawor swarèng megung ardi | gugur lorodan | muntab agni lwir warsi
||
25. myang
sela têmpuh mawalikan mring wiyat | agninya angajrihi | lindhu wor prahara |
umob wening samodra | grahana surya myang sasi | pêtêng limunan | kilat awor
lan thathit ||
26.
anglêwihi gara-gara madyapada | Suralaya gêng prapti | ri kang bayu-bajra | ing
swarga kalèbèran | ing toya lêwih ngajrihi | ing parewarna | gègèr kang
widadari ||
27. myang
naraka umob lir pendah kinêla | uwot si ogal-agil | êndhut blêgêdaba | kawah
Côndrabinuka | ambèr naraka ngajrihi | dening prahara | lir grah prahara muni
||
28.
narakanya widadari-widadara | gègèr tan wrin ingungsi | myang para jawata |
samya mabilulungan | lalu laraning prihatin | dahat kang ana | têntrêm
lunggwèng ing panti ||
29.
panyiptèng tyas kinêlêm ing Suralaya | ing dewa kang linêwih | Sang Hyang Girinata
| samana mahêm rêmbag | lan Sang Hyang Narada singgih | myang para dewa |
--- 1 : 32
---
Sang Hyang
Pramèsthi angling ||
30. lah
apa kakang kang mawa gara-gara | ing swarga loka iki | dene lir kinocak |
kakang ing Suralaya | apa ta wadine ugi | Rêsi Narada | gya matur Hyang
Pramèsthi ||
31. wontên
yogyaning ulun ing marcapada | lalu lara prihatin | apan garwanira | Sang Sri
Selaprawata | andina ratri anangis | dyah ngaran Sinta | ri sapêjahing laki ||
32. apan
punika kang mawa gara-gara | Sang Hyang Pramèsthi angling | lah yèn mangkanaa |
kakang gya tumuruna | yoganing ulun kang nangis | dyah ngaran Sinta | aywa
sangêt prihatin ||
33. kita
waraha ywan lakine wus gêsang | uwus aywa akardi | rusak Suralaya | kita tag
umênênga | ya ta umêsat tumuli | Rêsi Narada | mara ring Gilingwêsi ||
34. dan
adangu Rêsi Narada wus prapta | ing prênah kang rudatin | yeka Dèwi Sinta |
dina ratri karuna | Rêsi Narada sigra ngling | kita mênênga | nini ywa kita
nangis ||
35. aywa
kita kartya bagnèng Suralaya | yèn tan umênêng nangis | nini dewanira | tansah
abilulungan | yèn kita tansah akingkin | yêkti pra dewa | myang gandarwo kwèh
agring ||
36. apa ri
kang dadya rudatin ri kang tyas | apan lakinya nini | ya sabdaning dewa | Sang
Sri Selaprawata | apan iya urip maning | taman parastra | Prabu ring Gilingwêsi
||
37. Dèwi
Sinta kagyat miyarsa ring swara | umênêng manangisi | gya lon ya lingira | sapa
ya asung swara |
--- 1 : 33
---
ri saur
ingkang mawèh ling | wruhanya ingwang | dewanya ya nuruni ||
38. marma
nurun dènira lara karuna | de laki kita mati | sèstu taman pêjah | ya Sang
Selaprawata | apan ri mangkyorip malih | ana ing swarga | iku antinên nini ||
39. ing
sadina rong dina antinên iya | lakya kita pan prapti | ya ta Dèwi Sinta | ilang
rudatining tyas | ring uripe ri kang laki | pajar ing dewa | mila eca kang
galih ||
40. uwus
ilang Narada kang masuwara | ya mring kahyangan malih | apan uwus sirna |
kwèhning kang gara-gara | ri kang swarga mulya êning | dyan Dèwi Sinta | dahat
dera ya nganti ||
41. apan
uwus praptèng ubaya rong dina | tri dina taman prapti | lakinya Dyah Sinta | Ni
Sinta nir ingkang tyas | kaki dewa kang nuruni | wênang adora | dewa ring
mangkya iki ||
42. baya
amrih mênênga panangis ingwang | bisa ngarêmi ati | linging dewa apa | tan kêna
kagugua | gya Sang Sinta nangis malih | apan aniba | munggwing ing tilamsari ||
43. kapwa
sadhela ya prapta gara-gara | pan lêwih ingkang uni | myang ing Suralaya |
lêwih sing madyapada | kang apsari sêdhih kingkin | myang dewanggana | tanbuh
polah sru wingwrin ||
44. Hyang
Pramèsthi manabda ring Hyang Narada | lah kadya apa mangkin | kakang rikèng
karsa | bagnaning swarga iya | punapa ri kang amawi | Sang Hyang Narada |
lingnya umatur aris ||
45.
yoganing Guru kang anèng madyapada | apan anangis malih | yeka Dèwi Sinta |
nêkakkên gara-gara | rèhning [rèh...]
--- 1 : 34
---
[...ning]
laki datan prapti | lamun sambada | lan Yayi Hyang Pramèsthi ||
46.
ingkang mangaran Sang Sri Selaprawata | inguripêna malih | darapon aywaa | lah
ingaranan dora | sapa ri kang ngêndêl benjing | sakèhing dewa | yèn padha goroh
mangkin ||
47. ing
saèstunya Raja Selaprawata | yèn tan uripa malih | pan môngsa kartaa | praja
ing Suralaya | dêlingnya Sang Hyang Pramèsthi | saha karsanya | kakang uripna
malih ||
48. gya
lumampah sira Sang Rêsi Narada | ring gwan sang pinadhati | ya ta kang pralaya
| Sang Sri Selaprawata | Rêsi Narada lingnya ris | muga èstua | kita ya urip
malih ||
49. iku
pangandikane Hyang Girinata | ya ta wus urip malih | wau sri narendra | Sang
Sri Selaprawata | apan wus tata alinggih | Sang Hyang Narada | angling wacana
manis ||
50. alah
uwus ta kaki kita muliha | mring madyapada malih | yêkti kita ngantya | marang
ing swaminira | gya dadya anata malih | bau dhêndhaa | kita nèng Gilingwêsi ||
51. tumulya
ngling Sang Raja Selaprawata | turênèng pangastuti | ningwang mring Hyang Gurwa
| apan kita lênggana | yèn ingulihêna malih | mring madyapada | apan iku
kabalik ||
52. ulun
iki uwus umanjing ing swarga | yèn ta muliha malih | marang madyapada | dadya
tanpa wasana | lawan ulun minta malih | nadyan giringwang | ingunggahênèng
swargi ||
53. yèn
tan lawan sêsanak ulun sadaya | sarta lan rabi mami | ulun sru lênggana | de
kwèh ing sanak ingwang | tigang dasa [da...]
--- 1 : 35
---
[...sa]
lawan mami | inggih punika | ngong têdhèng Hyang Pramèsthi ||
54. ulun
têdha sadaya unggah ing swarga | anunggala lan mami | dyan Rêsi Narada | warah
Hyang Girinata | Watugunung wus katari | apan lênggana | yèn umuliha malih ||
55. nadyan
swarga yèn tan lawan sêsanaknya | myang yayah lawan rabi | mapan dahat wiyang |
lan malih kang tinêdha | kadang tigang dasa sami | minggahèng swarga | angling
Sang Hyang Pramèsthi ||
56. yèn
mangkono Si Watugunung apangkal | taman mamrih abêcik | angling Hyang Narada |
aywa runtik andika | mring Watugunung ing mangkin | yèn bramatyaa | tan wontên
anadhahi ||
57. Si
Watugunung apan kadya jawata | urip tan kêna mati | yèn ika krodhaa | pasthi
abot kasôngga | Hyang Pramèsthi lingnya inggih | ngong nurut ri sa- | karsanya
madu gêndhis ||
6.
Dhandhanggula
1. ya
unggahêna ing swarga mangkin | sadulure tigang dasa pisan | ing pêndhak Dite
lakune | yèku ing purwanipun | wontên wuku tigang dasèki | inggih sadulurira |
ya Sang Watugunung | ri sampunira mangkana | Sang Hyang Guru umantuk ing swarga
malih | jumênêng adilira ||
3.
Sajarahipun para ratu ing tanah Jawi wiwit saking jumênêngipun Ratu Bathara
Wisnu lan Bathara Brama dumugi nagari Pajajaran
2. Sang
Hyang Narada matur lingnya ris | ari Guru suta pakênira | Ki Wisnu paran wêkase
| apan karyane sampun | anglampahi ayahan jurit | yèn sêmbada ing kita | apênêt
tinurun- |
--- 1 : 36
---
akên saha
swamineka | jumênênga ratwèng madyapada malih | ika ri sêmbadanya ||
3. irikèng
madyapadèku benjing | ywan kita ari tananêmana | suta putu kita dhewe | yêkti
cupêt ing besuk | panjênêngan kita narpati | apan ing tanah Jawa | yêkti
ara-uru | Sang Hyang Guru sigra mojar | ya abênêr kakang lingira ring kami |
tatar ana salahnya ||
4. lah
kakang sira tumurun aglis | suta kita Ki Wisnu Bathara | mring madyapada ring
mangke | saha suta swamèku | ya umadêgêna narpati | nanging aja manusa |
ratuning lêlêmbut | ri mônca wolu puranya | ri kang dihin iya ing gunung Marapi
| kapindho Pamantingan ||
5. kaping
tri ing Kabarehan iki | kang kaping caturnya ing Lodhaya | lan malih kaping
pancane | iyèng Kuwubalêdhug | kaping sade Saptawaringin | saptèng
Kayulandheyan | kaping asthanipun | iya ri kang aran Roban | wruhanira iku
purane ing benjing | Wisnu suta putunya ||
6. anging
wêkas ingong kita benjing | iya ri sawuri-wuriningwang | suta putu kita kabèh |
ri kang umadêg ratu | ning lêlêmbut manuta benjing | ya ring suta putunya |
ratu manuswèku | iya pa sapakartinya | dèn êtuta aywa ta iku dèn dohi | myang
yèn amanggih karya ||
7. lah Ki
Wisnu tumuruna kaki | myang sutaningsun Bathara Brama | turuna madyèng padane |
kita madêga ratu | ngadhatwana ing Gilingwêsi | lah gumantyaa kita | Risang
[Ri...]
--- 1 : 37
---
[...sang]
Watugunung | kita nêdhakêna nata | nuswa Jawa tumulya samya ngastuti | têdhak
mring madyapada ||
8. nèng
madyapada wus madêg aji | Bathara Wisnu dadya narendra | siniwèng lêlêmbut
kabèh | muwah Hyang Brama uwus | madêg ratu janma anênggih | Gilingwêsi puranya
| nuswa Jawa nungkul | ri sampuning lama-lama | apêputra sang prabu pan miyos
èstri | Ni Bramani kang nama ||
9. Ni
Bramani Tritrustha putrèki | Tritrustha aputra Parikênan | Sang Parikênan
putrane | Manumanasa iku | Sang Manumanasa putrèki | aran Satrukêm[21] ika | Satrukêm asunu
| Sakri namaning atmaja | Sang Hyang Sakri Palasara putranèki | Palasara aputra
||
10.
Bagawan Abiyasa putrèki | nulya putra Pandhudewanata | ing Ngastina nagarane |
wus alama asunu | Sang Arjuna ingkang kêkasih | Sang Arjuna pêputra | nama
Abimanyu | samana pralinèng rana | tilar garwa anuju sêpuh garbini | miyos jalu
kang putra ||
11.
ajêjuluk Raja Parikêsit | iya ing Ngastina prajaneka | Sang Yudayana putrane |
Yudayana asunu | Gêndrayana ingkang wêwangi | aputra Jayabaya | sirna nagarèku
| Sang Jayabaya pêputra | kang nama Sang Jayamijaya putrèki | putra Jayamisena
||
12.
Jayamisena putranirèki | kang mangaran Kusumawicitra | Ki Citrasoma putrane |
Citrasoma asunu | Pôncadriya ingkang wêwangi | aputra Anglingdriya | punika
asunu | Sang Raja
--- 1 : 38
---
Suwelacala
| pan jumênêng narendra ing tanah Jawi | ya ing Purwacarita ||
13. Raja
Selacala iku nênggih | apêputra Srimapunggung ika | Jugulmudha pêpatihe |
Srimapunggung asunu | Kandhihawan ingkang wêwangi | apêpatih Kunthara |
Kunthara puniku | iya anak Jugulmudha | Kandhihawan lêlima putranirèki | Ki
Panuhun pangarsa ||
14.
karêmêne rêke among tani | dadi ratuning wong tani ika | awisma anèng Bagêlèn |
Sandhanggarba panggulu | karêmêne adagang nênggih | dadya ratu sudagar | Jêpara
wismèku | panêngahe Karungkala | karêmêne sabèng wana apan dadi | tuwaburu
ratunya ||
15. ing
Parambanan wismanirèki | iya iku ta Sang Ratu Baka | Tunggulmêtung sumêndhine |
andèrès rêmênipun | dadya ratu wong karya nguni | Rêsi Gathayu ika | nênggih
kang waruju | arêmên sabèng paseban | pan jumênêng ratu ing Koripan nênggih |
anggêntosi kang rama ||
16.
sakathahe sanak papat iki | sami asok bulu bêktinira | glondhong pangarêng-arênge
| maring Rêsi Gathayu | kang jumênêng Koripan nguni | Rêsi Gathayu ika | lêlima
kang sunu | pambayun Rara Suciyan | iya Kili panggulu Miluhur nênggih | iya
Natèng Jênggala ||
17.
panêngahe Lêmbupêtêng nênggih | iya iku ta Sang Natèng Daha | Lêmbupangarang
arine | iya kang dadi ratu | ing Gêgêlang kalane dhihin | Ni Ragil Prêgiwôngsa
| pan akrama antuk | nênggih Lêmbuamijaya | kang jumênêng ratu anèng [a...]
--- 1 : 39
---
[...nèng]
Singasari | duk Jawa pinôncapat ||
18.
Lêmbumiluhur aputra Panji | ingkang dadya wau somahira | Kèn Côndrakirana rane
| putri Daha kang sêpuh | Radèn Galuh pêparabnèki | Radèn Panji pêputra |
Dalalean iku | jumênêng ing Pajajaran | nulya pêputra Radèn Banjaransari |
anulya apêputra ||
19. akêkasih
Radyan Mundhingsari | Radèn Mundhingsari apêputra | Radèn Mundhingwangi rane |
Mundhingwangi asunu | gih Sang Ra[...][22] Pamêkas nênggih | punika apêputra | Arya Bangah
sêpuh | tinandur ing Galuh ika | Ki Susuruh ginadhang jumênêng aji | ana ing
Pajajaran ||
4.
Lêlampahanipun Siyungwanara
20.
datatita jênênging narpati | Pajajaran nênggih kang winarna | wontên kang
tinutur malèh | wontên jênêngan wiku | atêtapa ana ing ardi | kilèn ing
Pajajaran | prênahe dhêdhukuh | nama Ki Ajar Capaka | patapane lèr kilèn saking
ing ardi | gunung ing Pajajaran ||
21. pan
uwus kalokèng praja salwir | ywan Ki Ajar tasdik ing paningal | wruh sadurunging
binadhe | pan wus katur sang prabu | yèn Ki Ajar kuncara tasdik | samana sri
narendra | ngandika smu bêndu | dhatêng rêkyana apatya | hèh apatih ingsun
akarsa ngyêktèni | mring Si Ajar Capaka ||
22. lah
agya pasangana tumuli | ya pawèstri sêsêngkêran ingwang | dèn kadya wawrat
tingkahe | wus kapasangan wau | apan bokor kinarya sandi |
--- 1 : 40
---
kinayutakên
têngah | sininjangan sampun | saha kasêmêkanira | wusnya samar wus pindha dyah
anggarbini | sang nata gya umojar ||
23. lah
uwis umangkata dèn aglis | iku parakênèng Si Capaka | nulya ge kita kon badhe |
jalu myang èstrinipun | yèn kajawab dera wèh sandi | satuhu yèku awas | ran
Capaka wiku | sèstu olih sihing dewa | gya umangkat apatya datan kawarni | ring
awan uwus prapta ||
24. ring ngarsanya
Ki Ajar tumuli | rakyana patih sigra angatag | ambadhea bêbêktane | Ki Ajar gya
sumaur | asmu sêndhu saurirèki | hèh kiyai andika | dahat tambung laku | apan
ingong iki mudha | dahat tan wruh ambadhya garbini iki | pan kadya rare kita ||
25. ki apatih
sangêt dera mrêdi | hèh Ki Ajar andikaning nata | aja ora dera badhe | jalu lan
èstrinipun | kae Ajar kaku ring galih | dadya puwara mojar | apa ta satuhu |
sang nata ngayoni ringwang | hèh apatih iya turênèng narpati | iku ngong badhe
lanang ||
26. lêwih
sukèng tyasira apatih | sigra apamit saksana budhal | datan kawarna lampahe |
praptèng ngarsa umatur | mring sang nata rêkyana patih | inggih sampun binatang
| wawratan yèn jalu | sang nata pan lêwih suka | sarya mojar Si Ajar atêsmak
dhingklik | dening apêksa awas ||
27.
sêsêngkêran wus binêktèng puri | saha busana wus ingalapan | samana èstu
wawrate | wus [wu...]
--- 1 : 41
---
[...s]
katur ing sang prabu | yèn kêkasih sri narapati | kang saking Pajajaran | èstu
wawratipun | sang nata bêndu kalintang | lanyap bae Si Ajar arsa ngayoni |
marang ing jênêng ingwang ||
28. ya ta
samana kinèn mêjahi | Ki Ajar apan wus pinêjahan | tinumpês anèng dhepoke |
sapêjahe sang wiku | ana swara kapirsa nguni | swara tan katingalan | sojaring
swarèku | hèh Sang Ratu Pajajaran | wruhanira ingsun amalês ing benjing |
marang ing jênêngira ||
29.
benjang yèn ana janma kêkasih | Siyungwanara arane ika | ring kono ingong
anagèh | iya maring sirèku | sri narendra gya anauri | hèh Ajar kapan sira |
praptèng ngarsaningsun | aja benjang mêngko sira | auripa pan ingsun tan nêdya
gingsir | swara ika wus ilang ||
30. yèku
purwèng nguni kang nagari | Pajajaran kêna ing musibat | pan asangêt gêgêringe
| gêring sore suk lampus | gêring esuk sore ngêmasi | rusaking wadyabala | sang
nata sigra sru | rudatin tyasnya kalintang | dènya sare naritis wus tigang sasi
| tan kêna sinewaka ||
31. juru
ujum[23] sigra dèn timbali |
juru tênung myang tabit[24] pujôngga | wus
ingandikan sakèhe | lah paran wêkasipun | balaningsun pan akèh mati | punang
juru sadaya | matur ing sang prabu | punika gampil kêwala | têtambane wêwêlak
ingkang nagari | kita dhahar nayuba ||
32. sawuse
kita luwaran bukti | kita asarea lan wanodya |
--- 1 : 42
---
pasthi
sirna gêgêringe | nanging rêke sang prabu | kita darbe sêsukêr malih | kawrat
ing manah kita | sang nata lingnya rum | kaya pa sêsukêr ingwang | juru matur
kita benjing andarbèni | putra miyos ngampeyan ||
33. miyos
jalu putra paduka ji | amêjahi dhatêng ing sang nata | sampun pinasthi jangjine
| pan paduka pukulun | amêkasi jumênêng aji | ana ing Pajajaran | kewran sang
aprabu | dadya amicarèng nala | arsa nora aluwaran ingsun iki | manawa wêdya
têlas ||
34. sun
takoni ujare si tabit | ingsun mati dening sutaningwang | nanging mokal
ingarahe | bapa mati sing sunu | lah sakèhe lêluhur mami | têka ing Nabi Adam |
tan ana kayèku | anging ingsun kang pinêca | bok iyaa ingsun anglakoni jangji |
sok balengong mulyaa ||
35. wus
atuwa sêdhêng ingsun mati | anglakoni ujaring riwayat | wus tuwuk ingsun
kamuktèn | nanging sapungkur ingsun | balaningsun mulyaa sami | ingsun akarya
tilas | mring suta lan putu | tulusa jumênêng nata | anèng Jawa ing
satêdhak-têdhak mami | panêdhèngsun ing dewa ||
36.
sapingsore suta putu mami | aywa pêgat mêngkwèng nusa Jawa | ing benjing maria
rêke | dhatêng dina kang kantun | ri saksana sri narapati | nulya sira luwaran
| dènya mangan nginum | ya ta wuru-wuru dawa | asmu supe sang nata sare lan
èstri | kang binadhe Ki Ajar ||
37. wawrat
anom [ano...]
--- 1 : 43
---
[...m]
katêdhakan yêkti | rahsa mulya sang dyah saya lama | wawratan dhatêng êlèke |
ambabar miyos jalu | nulya katur mring sri bupati | sang nata angandika | apa
baya iku | tinarka mêjahi ringwang | maring ujum nulya sira jabang bayi | agya
pinakan upas ||
38. myang
tri bobok lêlèngèk drubêsi | jabang bayi pan ora tumama | sang nata asru
bêndune | karsanira sang prabu | jabang bayi dipun sêsuwir | apan êmban lan
inya | matur ing sang prabu | lah gusti sampun mangkana | kadya paran kapirsaa
lyan nagari | kita makucêm bala ||
39. yèn
sang nata akarsa mêjahi | agampil tur tan ana kang myarsa | sang nata
pangandikane | inya paran karsèku | ing patine rareku mangkin | pun inya atur
sêmbah | suwawi sang prabu | rare alit tinabêla | binucala ing lèpèn Karawang
nênggih | gusti agêlis pêjah ||
40. sri
narêndra sigra angling aris | iya bênêr iku ujarira | rare tinabêla age | sigra
nulya linabuh | dhatêng kali Karawang singgih | jabang bayi mring toya | blas
datan kadulu | katut ing banyu Karawang | sampun mantuk kang nglabuh warnanên
malih | Ki Buyut ing Karawang ||
41. kyai
buyut mancing pinggir kali | ing Karawang kagyat sira mulat | teja awêning
cahyane | kadi wulan sumunu | kyai buyut angling jro ngati | lami ngong sabèng
toya | pan durung andulu | ing cahya kang kaya ika | kyai buyut nulya sira
--- 1 : 44
---
marêpêki |
aningali tabêla ||
42. pan
kasangsang ing bêbara nênggih | kang tabêla ki buyut anyandhak | duk binuka isi
rare | cahyanipun sumunu | ênting bagus sira nêlahi | pra wadana lwir wulan |
purnama dinulu | sira ki buyut garjita | pan sumingêb ing panonira ningali |
mring jabang bayi ika ||
43. kae
buyut angling jroning ati | rare iki kang anèng tabêla | pantês trahing
kusumane | dening tuhu abagus | kaya dudu sutaning cilik | ya ta wus tinutupan
| gya binêkta mantuk | sinungakên rabinira | nyai buyut wantu wong nora nganaki
| ing mangke manggih putra ||
44. tur
abagus cahyane lir sasi | nyai buyut lintang sukanira | dinadah dulang suk sore
| saya lama winuwus | ya ta agêng kang jabang bayi | wayah sampun diwasa |
takèn ramanipun | sapa sintên kang ayoga | ing manira kyai buyut anauri |
iyèngsun bapakira ||
45.
rajasunu tan rêna sira ngling | pan jamake ing manuk punika | sarupa lan
bapakane | kita kalawan ulun | apan beda sarupa mami | Kyai Buyut Karawang |
èmêng ing tyasipun | wasana sira gya mojar | iya sira anak ingsun dhewe kaki |
rajasunu tan suka ||
46. kyai
buyut amicarèng ati | bok iyaa ngong agawe dora | darapon lêgaa tyase | aris
wijiling wuwus | lah Ki Jaka nak ingsun kaki | yèn kita nora rêna | ing
panabdaningsun | ingsun duwe pawong sanak |
--- 1 : 45
---
atêtapa
anèng wana pan winasis | petangan ujum ramal ||
47. lan
wruh sadurung winarah kaki | iya nyawa payo pinaranan | takonana sabênêre | Ki
Jaka lingnya arum | lah anêdha pinaran kaki | wong sanak pakênira | dyan samya
lumaku | tan asuwe nulya prapta | sirèng wana kae Jaka aningali | pêksi
awarna-warna ||
48. kae
Jaka sira angling aris | kaki buyut punapi punika | kang lwir manuswa warnane |
angingkrang linggihipun | kyai buyut ika nauri | ingaranan wanara | Ki Jaka
amuwus | lan maninge ika apa | kang anèng pang manuk jamang dening luwih |
bagus kaki rupanya ||
49. kyai
buyut ika anauri | pêksi siyung arane punika | Ki Jaka aris wuwuse | yèn
mangkono ki buyut | sun angalih aran ing mangkin | iya Siyungwanara | kaki aran
ingsun | ki buyut ngamini sira | ya ta ngucap Siyungwanara lah ngêndi | wismane
sanakira ||
50. kyai
buyut èmêng ing jro ngati | dening kabutuh dènya adora | dadya amicarèng tyase
| lah bok iyaa ingsun | sun salimpangênèku malih | rare môngsa wêruha | dadya
sira muwus | bagus pasanakan ingwang | uwus ngalih saking ing wana ing ngriki |
awisma anèng praja ||
51.
pagaweyane apandhe wêsi | karya sanjatanira sang nata | ing Pajajaran ing
mangke | Siyungwanara wau | sakalangkung bungah ing ati | miyarsa tuturira |
kang rama [ra...]
--- 1 : 46
---
[...ma] ki
buyut | dene angucap Sang Nata | Pajajaran Ki Jaka rêsêp ing ati | angrasa wruh
ing praja ||
52. kae
Jaka anulya ngling aris | anêdha kaki jinujul pisan | sanakira iku mangke |
pangrasane tyas ingsun | kaya rêke nora atêbih | wismane sanakira | lan
sudarmaningsun | ya ta sira sami mangkat | wong kêkalih saking ing wana sira
glis | sira prapta ing praja ||
53. nulya
dhatêng kapandheyan aglis | Kyai Êmpu kapanggih alênggah | ana ing pabasalène |
lagya pêpandhe wau | nulya sira anapa aris | kakang dawêg katuran | ing
sarawuhipun | lwir ulam srambahan toya | tyas kawula kadya katibanan sasi | ing
sarawuh andika ||
54. baya
wontên karya kang agati | atanapi mundhut abah-abah | kudhi pacul myang
linggise | tatah pêthèl lan wadung | lading gobang pangot lan sêking | pecok
wangkil lan jara | wêdhung miwah prêkul | kawula dhatêng sumôngga | pan akathah
kagêngan dika puniki | myang warni dhuwung pêdhang ||
55. pan
akathah sarta warni-warni | yèn pundhutên kawula sumôngga | tan angraos
adêdarbe | angling kiyai buyut | lah anêdha manira yayi | ing sih pracayanira |
yayi praptaningsun | taha nêdha adandanan | apan boya mila sun prapta ing
ngriki | angatêr anak para ||
56. arsa
panggih kalawan sirèki | anak para Ki Siyungwanara | Kyai Pandhe wruh sêmune |
ingsun tinggal [ting...]
--- 1 : 47
---
[...gal]
puniku | datan suprih anambut kardi | dimèn tutug dolanan | ing sakarsanipun |
Kyai Buyut ing Karawang | nulya mantuk tan warnanên sampun lami | Jaka
Siyungwanara ||
57. tumut
sêsinau pandhe wêsi | aparon dhêngkul apukul tangan | asêsupit darijine |
sakèhing para êmpu | kapandhean cingak ningali | maring Siyungwanara | ing
kasêktènipun | lami-lami pan kasusra | sanagari yèn Ki Êmpu putranèki | asêkti
mahambara ||
58. lan
baguse lêwih ingkang warni | anglir Dewa Hyang-Hyang Kamajaya | apêkik anom
dhasare | sumrêg kathah kang rawuh | anênonton ing sang apêkik | sakèhe kang
tumingal | rasa-rasa[25] mantuk | wênèh ana nginèp pisan | kang
sawênèh ana milu nglêladèni | dènya pandhe Ki Jaka ||
59. sêsêk
jêjêl kang wong nêningali | kang tan antuk ing panggenanira | mêmènèk kêkayon
bae | pagêre Kyai Êmpu | lêbur dening wong nêningali | rusak pawismanira |
tanêm tuwuh gêmpur | Ki Êmpu pangucapira | ing wong kathah sadayane kang
ningali | padha wèha balônja ||
60. kang
somahan padha sun jaluki | ngalih reyal rôndha tigang reyal | walanjar patang
reyale | kang parawan puniku | pitung reyal ingsun jaluki | dhudha lawan pra
jaka | samya ngênêm suku | sakathahe wong tumingal | ananggupi nini-nini dèn
jaluki | wong roro sangang reyal ||
61. lan
nyênyamikane aywa [a...]
--- 1 : 48
---
[...ywa]
kari | wong sijine samya nyarampadan | bêborèh sarta sêkare | myang damar
malamipun | lamun dalu obor nyatunggil | samya sanggup sadaya | malah samya
muwus | manawi wontên pundhutan | saliyane andika ucapkên malih | ecaa budidaya
||
62. wus
alami Ki Jaka ing mangkin | samana arsa dhatêng ing pasar | Ki Pandhe ngampah
karsane | sira midhanga besuk | lamun barêng kalawan mami | sarya dol
kalithikan | mênêng sang abagus | ya ta prapta ing samaya | nulya mêdal ing lêlurung
sang apêkik | paranipun mring pasar ||
63. kae
Jaka iya amulat ing | gajah ginuyang Ki Jaka tanya | baya ika pa arane |
ingkang agêng ngragunuk | kae Êmpu lingira aris | bagus ika ran gajah |
wahananing ratu | ri kang liman gya umulat | mring Ki Jaka adoh pinalaywan
aglis | prapta mêndhak ing ngarsa ||
64.
tulalya sah ya tininggil-tinggil | yèn janmaa gajah ika ngucap | dhuh
gustingong kita anggèr | lah yogya sang abagus | manitiha ing gigir mami | lah
dawêg ulun bêkta | malêbwèng kadhatun | cundhuka ing yayah kita | uwus
pasthining dewa kita gêntosi | Nata ing Pajajaran ||
65. gya
ingusap gadhinge kang èsthi | iya maring Sang Siyungwanara | ri sampuning
ngusap rêke | Ki Jaka nulya mantuk | kang wong sami cingak mulat ring | Risang
Siyungwanara | ri satingkahipun | Ki Êmpu atêbah jaja | dahat ajrih lingira
saha smu tangis | dhuh sutèng ulun [u...]
--- 1 : 49
---
[...lun]
nyawa ||
66. lah
pagene kita wani-wani | dadya apa yèn kadêngangana | mring sang nata kita
anggèr | pasthi dadya sapikul | mukanira kalawan mami | ênêngakêna sira |
kocapa Sang Prabu | ing Pajajaran sineba | dening bala angadu wong pêrang
tandhing | galaganjur kang munya ||
67.
piniyarsa ngrêrantêg ngrêrangin | saha suraknya mangambal-ambal | Ki Jaka amit
ngramane | pan akarsa andulu | mring paseban wong aprang tandhing | ingampah
datan kêna | mring Rama Ki Êmpu | nanging Ki Siyungwanara | dahat mêksa Ki Êmpu
sangêt malangi | lah bagus aywa lunga ||
68. tanbuh
nyawa kang sira tingali | dudu layak tontonaning bocah | yèn ratu kasukan rêke
| papak kunêng ing kewuh | apan sira maksih acilik | durung wruh ing dêduga |
angling sang abagus | ngong palangana malumpat | ingong bapa dhadhungên amêdhot
ugi | Ki Jaka sigra kesah ||
69.
kapiandhêm palayunirèki | Siyungwanara dhatêng pasowan | ya ta prapta tan asuwe
| ing prênahe sang prabu | nulya sira jajar alinggih | lawan sri naranata | pan
tan ana wêruh | Siyungwanara tumulya | mring kadhaton kandhêg balesawo nênggih
| rêmên sira tumingal ||
70. apan
ta balesawo ing nguni | yèn ginêpok kadya gông sarancak | punika gôngsa ginawe
| ya ta sang rajasunu | duk alinggih ing bale adi | umyung ing swaranira | wau
sang aprabu | eca dènira kasukan | kagyat myarsa lamun [lamu...]
--- 1 : 50
---
[...n]
balesawo muni | kèhing bala garjita ||
71. lawan
gègère sakwèh wong puri | amiyarsa balesawo munya | sang nata duka dan linge |
hèh sapa purun-purun | anggêpoka ing bale mami | hèh mantri jêro sira | lah
cêkêlên gupuh | kang ganggu kagungan ingwang | miwah kapêdhak milua anyêkêli |
sigra samya malaywa ||
72. sigra
praptèng jro bale tumuli | Siyungwanara kapanggih sira | sêsarean anèng bale |
ya ta agya tinubruk | cinêkêlan ing para mantri | jêro miwah kapêdhak | kêbat
sarirèku | ya ta Ki Siyungwanara | gya akirig saha apêtak sira glis | mantri
pating palêsat ||
73. samya
têmpuh wak rowangirèki | ana putung balunge sukunya | wênèh kang rêmêk igane |
sêmpal baunirèku | ilat mele mata mandêlik | ana pêcah mukanya | wênèh ana
lampus | sakarine ingkang pêjah | pan malayu ya ta ngungsi ring narpati | samya
tur pêjah gêsang ||
74. sri
narêndra ngandika smu runtik | kang ana ring baleningwang ika | bocah ngêndi
pangakune | inggih ing aturipun | Kapandheyan wismanirèki | anake Êmpu Lurah |
wau sanggupipun | ya ta ngandika sang nata | lah timbalana Si Êmpu Lurah aglis
| Ki Êmpu sigra prapta ||
75. sri
narendra sigra dènira ngling | hèh pandhe sapa kang duwe anak | wani-wani gêpok
bale | lan sapa aranipun | punang pandhe umatur aris |
--- 1 : 51
---
inggih
anak kawula | punika ranipun | pun Jaka Siyungwanara | angandika sang nata arum
amanis | timbalana nakira ||
76. Ki
Êmpu sigra angandikani | mring anak aran Siyungwanara | nulya prapta tan asuwe
| ing ngayunan alungguh | sri narendra angandika ris | iku nakira dhawak | pun
pandhe umatur | inggih sutèng ulun dhawak | sang nata ngling duk kapan môngsa
sirèki | yèn aduwea anak ||
77. apan
ingsun lawase udani | lamun kita aduwea anak | pun pandhe atur sêmbahe | inggih
rêke pukulun | sayêktose gyan amba manggih | sang prabu angandika | nakira sun
pundhut | pun pandhe atur sumôngga | duk samana tinumutakên sira glis | ing
rare panakawan ||
78.
lami-lami dènira angabdi | Siyungwanara asring kinon prang | ambêdhah nagara
lyane | pisan pindho ping têlu | apan mênang dènira jurit | ngaturakên
bongkokan | saboyonganipun | katur dhumatêng sang nata | sakalangkung asangêt
sihing narpati | dhatêng Siyungwanara ||
79. saking
sangêt sihingrèng[26] narpati | kala samana Siyungwanara | saya
katingal sêktine | apan saya kalangkung | pasihane sri narapati | datan kêna
sinuda | dhatêng sang abagus | antuk pangawulanira | mring sang nata
sinêngkakakên ing nginggil | jinunjung saking ngandhap ||
80. pan
kinulawisudha sira glis | Siyungwanara jinunjung lênggah | ngaran Arya
Banyakwidhe | salêksa
--- 1 : 52
---
linggihipun
| pinatêdhan kandhaga rukmi | ingakên putranira | alêlamak babud[27] | adalêm saloring pasar
| kinawênangakên ing sore siniwi | anabuh lokananta ||
81. lan
winênang anrapakên adil | wong dêdosan ingkang ukum lara | miwah ing ukum
pêjahe | tan kocap laminipun | Arya Banyakwidhe turnya ris | dhatêng sri
naranata | suwawi pukulun | kang abdi pandhe sadaya | ulun suwun akaryaa
sanjata di | karya dandanan ing prang ||
82. dyan
pinatêdhakakên sakwèhing | pandhe dhumatêng wau Ki Arya | ya ta wus rinèh
gawene | Ki Arya lingnya arum | suta wangsaningong sakwèhning | ulun
kinaryakêna | kunjara wêsiku | sadina mêngko dadia | sakwèh pandhe sadaya samya
nanggupi | aturipun sandika ||
83. tan
antara sakwèh karya sami | adamêl gêdhong wêsi saksana | nulya dadi tan asuwe |
apan winèhan sampun | kang lêlangse Mandhalagiri | pêpajangan gumêbyar |
kinasuran babud | gêguling sutra diwangga | tutup kaca gônda mri[28] yèn tinon asri | lwir kaswargan ing donya ||
84.
sêdhêng karya têkaa ajurit | nulya umatur dhatêng sang nata | mangkana wau
ature | kawula darbe kaul | lamun ulun mênang ajurit | angaturi patikbra | adhahar
anayub | wontên ing wisma kawula | sri narêndra wau dhatêng anjurungi | iya
dhihin muliha ||
85. dene
ing mêngko ingsun nututi |
--- 1 : 53
---
sumusul
marang ing wismanira | Ki Arya sigra ulihe | ya ta datan adangu | sri narendra
tumutur nuli | wus rawuh ing karian | akasukan nutug | ya ta wuru-wuru dawa |
sri narendra aningali gêdhong wêsi | asri tur pinapajang ||
86. warna
endah swaranya kumrincing | pintunira mênga minêb dhawak | lwir yasèng dewa
polahe | angandika sang prabu | hèh Ki Arya karya pa iki | anjênêngakên kita |
ya gêdhong wêsiku | dening endah warnaneka | Radèn Arya Banyakwidhe matur aris
| kinarya patilêman ||
87. sri
narendra rêmên aningali | apan rêsêp ika wardayanya | sang nata sigra dan linge
| apa wahananipun | kita rêmên sare ing ngriki | dyan umatur Ki Arya | rikalane
lêsu | dumados sêgêr manahnya | yèn agêrah matêmahan dados atis | ywan atis
dados gêrah ||
88. yèn
sakit têmah waluya jati | yèn lêsu sêgêr têmahaneka | luwe warêg ing têmahe |
sang nata ngandika rum | yèn mangkono aturirèki | Arya abêcik uga |
paturonirèku | kang arupa gêdhong waja | yèn mangkono ingsun arsa anglêboni |
sira angungkurêna ||
7. Pangkur
1. hèh
Arya yèn sira suka | ngong asare ing gêdhongira iki | sadina wak ngong marlêsu
| Ki Arya tur sumôngga | pan kawula taman rumaos gêgadhuh | saksana sri
naranata | lumêbwèng kunjara wêsi ||
2. agya
nulya inginêban |
--- 1 : 54
---
kang
panjara apan sampun kinunci | gya binêktarsa linabuh | maring kali Karawang |
sri narendra sakalangkung dening bêndu | Arya apa dosaningwang | ngong kita
labuh ing kali ||
3.
Banyakwidhe saurira | iya ingsun dhingin duk maksih alit | apan ingsun sira
labuh | anèng kali Karawang | sayêktine ing mêngko kita ngong labuh | ingsun
amalês ing sira | sapa utang naur malih ||
4. wus
linabuh sri narendra | anèng kali Karawang wus kabasmi | wontên ta lêlurahipun
| têtiyang angandhaga | dyan lumayu umatur Radèn Susuruh | nênggih radèn rama
kita | binasmi sampun ngêmasi ||
5. linabuh
lèpèn Karawang | dening Arya Banyakwidhe ing nguni | bêndu Rahadèn Susuruh |
sira nêmbang tangara | sampun pêpak sakèhe punggawanipun | gêgaman wus amalatar
| tinon pindha wukir api ||
6.
angrasuk busananing prang | Dyan Susuruh pan arsa angawaki | bubar gêgaman
anggrêgut | ri kang wong karadenan | sumrêg ingkang gêgaman bêndhenya ngungkung
| saksana Radèn Sêsêdhah | sigra anitih turanggi ||
7. wadya
prasamya prayitna | Arya Banyakwidhe wus anèng puri | sakathahe wadyanipun |
apan sampun prayatna | mêpak baris sêsanjata bala grêgut | sadandananing ayuda
| prajurit wus amiranti ||
8. wus
katur mring sira Arya | lamun Radèn Susuruh andhatêngi | saha bala soroh amuk |
Ki Arya wus siyaga | dyan ingatag [ingata...]
--- 1 : 55
---
[...g]
kang bala mangsah anggrêgut | campuh cucuking ayuda | langkung ramening ajurit
||
9. lumbungan
tangkêping yuda | pan arame acampuh sami wani | pruk ing endhe watang putung |
apan pating garopak | wus akathah pêpati susun atimbun | sêsambating wong
kabranan | kalintang anggêgirisi ||
10.
wadyabalèng karadenan | pan kasoran kathah longe kang mati | prajurite sampun
mawut | agya Radèn Sêsêdhah | angawaki rahadèn asoroh amuk | apindha sima
ambabal | singa katêmpuh pan gusis ||
11.
pangamukira rahadyan | ngobat-abit anglir banthèng akanin | singa katarajang
mawut | têtiyang ing karian | sira Radèn Susuruh kudane lampus | adharat
pangamukira | tan ana wani nadhahi ||
12. wus
katur marang Ki Arya | raka kita ngamuk tan wrin ing ajrih | kang nama Radyan
Susuruh | lêwih saking prakosa | wadya kita dahat jrih kathah kang lampus |
Arya Banyakwidhe sigra | umadêg munggwèng sitinggil ||
13. saha
mangagêm sanjata | Dyan Susuruh pangamuke mangungkih | wus lumêbwèng
ngalun-alun | parêng katon sinipat | dening Ki Arya Banyakwidhe atangguh | ing
rika Radyan Sêsêdhah | ikêt pinggangira kêni ||
14.
rampung ingkang ikêt pinggang- | nya awirang radyan tyasnya wus miris | Radyan
Susuruh wus kondur | saha wadya wus têlas | kapalayu sira Rahadyan Susuruh |
ngetan bênêr lampahira | kandhêg desa Kaligunting ||
15. nulya
ingalap [ingala...]
--- 1 : 56
---
[...p]
atmaja | mring sira ni rôndha ing Kaligunting | apan lêwih trêsnanipun | lwir
suta gwan ayoga | nyai rôndha mring sira Radyan Susuruh | dhasar rôndha tan
sêsuta | sira Nyai Kaligunting ||
5. Radèn
Susuruh oncad saking Pajajaran lajêng têtruka wontên ing Majapait
16. dyan
kawarnaa sirarya | Banyakwidhe apan wus madêg aji | ana ing dalêm kadhatun |
kèdhêp sarèhanira | sri narêndra aswarèng ring wadyanipun | sakwèhning wong
Pajajaran | wong desa mwang têkèng wukir ||
17. aywa
na wani kanggonan | mring Si Suruh iya yèn ana wani | saèstu yèn satruningsun |
ingkang wani kanggonan | ingsun tumpês saanak lan putunèku | ya ta ri kang
kawarnaa | Nyai Rôndha Kaligunting ||
18.
miyarsa swarèng narendra | langkung ajrih kumitir ing jro ngati | saksana sira
agupuh | mring sadulure lanang | kaprênah anèm katiga samya jalu | Ki Wiro ari
tumulya | ari malih ran Ki Nambi ||
19.
pamêkas aran Ki Bandar | kaya priye yayi sira ngong tari | dening undhange sang
prabu | sapa ri kang kanggonan | mring Susuruh tinumpês nak putunipun | ngong
iki mring gustinira | Susuruh kalangkung asih ||
20. lwir
suta gwan ngong ayoga | yèn parastra ngong umiring ngêmasi | mring gustinira
Susuruh | arinya samya mojar | yèn maksiha sadulur kita têtêlu | sampun kuwatir
ing nala |
--- 1 : 57
---
sayêkti
ulun tanggoni ||
21. dukane
sri naranata | arinira katiga samya kering | dhumatêng ing wismanipun | ni
rôndha sampun prapta | Radèn Susuruh apan sampun katêmu | ya ta wus tata
alênggah | angling Ki Wiro Ki Nambi ||
22. lah
gusti sampun gya maras | tyas paduka dening undhang narpati | yèn dhatêng ing
têmah besuk | ulun kang tumanggala | ananggoni ring dukanira sang ratu | nadyan
dhumatêng ing pêjah | ulun apan tan gumingsir ||
23. Radèn
Susuruh gya mojar | ngong tarima sihira marang mami | nanging ing
pangrasaningsun | sira otota kawat | bêbalunga wêsi rèhing wong têtêlu | lah
môngsa sira nônggaa | marang ing sri narapati ||
24. lah
ingsun apamit paman | lah karia ingsun kesah pribadi | Ki Wiro Nambi umatur |
inggih ulun punika | pêjah gêsang pangeran pan ulun tumut | ing pundi sapurug
radyan | apan ingong anut wingking ||
25. ni
rôndha asêmu waspa | sêdya tumut Ni Rôndha Kaligunting | wus dandan
sabrayanipun | ya ta anulya bubar | awatara wong satus kang atut pungkur |
ngetan bênêr lampahira | saha ni rôndha tan kari ||
26. Ki
Nambi Wiro turira | maring radèn punika yèn suwawi | dawêg sami minggah gunung
| nênggih ing wukir Kombang | wontên Ajar atêtapa sampun sêpuh | sidik ingkang
pangandika | punika yogya ingungsi ||
27. manawi
asuka têdah | sira Radyan Susuruh angrêmbagi | anulya samya lumaju | munggah
--- 1 : 58
---
ing gunung
Kombang | sampun prapta wau sasukuning gunung | apan wukir Kombang ika |
kalangkung dening asingit ||
28.
kahyanganing parayangan | myang lêlêmbut pêri kalawan êjin | mangkana ingkang
winuwus | ri kang tapa ing arga | lêwih sêktinira ya ri kang jêjuluk | Ki Ajar
Camaratunggal | satingalira wus sidik ||
29. têrus
lan sêsabdanira | pan abala parayangan lan êjin | sumuyut ing sang awiku |
lêlêmbut nuswa Jawa | ring ngêndi kang nora aseba anungkul | mring Ajar
Camaratunggal | lêwih saking sang ayogi ||
30. nadyan
akathaha Ajar | tan ana lwir Ajar Camaratunggil | kawibawan pindha ratu | dadya
ing saciptanya | bisa anom bisa cilik bisa sêpuh | apan wus angraga suksma |
saha karya raras ati ||
8. Mijil
1. Ki Ajar
Camaratunggal angling | mring cantrikira lon | lan uluguntung myang panantange
| miwah manguyu lawan wêwasi | lah saosa sami | sakwèh dasih ingsun ||
2. apan
ingsun kadhatêngan mangkin | lah iya ing mêngko | lagya ana ing marga lampahe |
asmu amangun brôngta ing galih | tilasing amukti | têdhaking wirya gung ||
3. apan
iku atmajèng narpati | kawon ing palugon | lah payo anggêgêlara age | iya
kalasa kalawan lampit | babud gonên lapis | ri sawusing patut ||
4. saosana
caratan kang rêsik | kang cêcêk mas kaot | lan pra wêwasi pêpakên kabèh |
gêntha kêkêlèng [kê...]
--- 1 : 59
---
[...kêlèng]
tabuhên aglis | wau kang winarni | Rahadèn Susuruh ||
5.
lampahira sumêngka ing ardi | asingit aewoh | ampuhan sami mapag swarane | awor
lawan udan riwis-riwis | lesus gêng wor angin | wrêksa gêng kèh rubuh ||
6. sela
gêng lorod ladhu umili | ing kali umisor | udan awu drês ngarga dhêdhête |
gumrah swarèng tawang prayangan jin | yèn janmaa sami | mapag gusti rawuh ||
7. prapta
sakèhing dhêdhêmit sami | dening sang palunggoh | anabuh gêntha lan kêkêlènge |
mila prapta sakathahing êjin | apan anambrami | dening gustinipun ||
8.
kadhatêngan sinatriya adi | amangun wirangrong | dyan kawarnaa radèn lampahe |
mèh prapta awan bingung ing margi | Dyan Susuruh angling | ing jro kalbunipun
||
9. dening
alêwih singite iki | ingkang adhêdhepok | ana ing gunung Kombang ing kene |
sigra radèn amyarsa ungêling | gêntha kêlèng muni | radèn gya andulu ||
10. padhang
ujwalèng raditya mijil | wus sirna tan katon | sakèh ngampuhan pêtêng suwene |
gya Rahadèn Susuruh ningali | camara satunggil | sapucaking gunung ||
11. saha
sanggar langgatan kaèksi | radyan angling alon | lah baya iki paman dhepoke |
Sang Wiku Ajar Camaratunggil | lah payo dèn aglis | umunggah mandhuwur ||
12.
narpati putra sumêngkèng nginggil | agrèng arga rawoh | kang umiring mandhêg
ing pintune | lajêng lampahe [la...]
--- 1 : 60
---
[...mpahe]
datanpa kanthi | malêbêt pribadi | rahadèn wus lungguh ||
13. wus
apanggih lawan sang atapi | atata alunggoh | munggwèng sanggar langgatan
prênahe | lingnya Ki Ajar angacarani | lah bagea gusti | ri kang anyar rawuh ||
14. teja
sulêksananing abêcik | lah sang bagus anom | ing wingking ing pundi pinangkane
| ing ngarsa pundi sinêdyèng ati | sintên kang wêwangi | rahadèn umatur ||
15. lampah
ulun satindak puniki | lan kêkêtêg ingong | sadêmi môngsaborong cêthane | hyang
kaki dhatêng ing lampah mami | mèsêm sang palinggih | saha ngandika rum ||
16. bênêr
kaki salingira ugi | apa pedah ingong | pun kaki anèng pucak wukire | mangan
barêbêkaning kaywaking | yèn tan wruha kaki | ing sêdyanirèku ||
17. angur
aja têtapaa mami | amucak miranggo | iya marmanira praptèng kene | munggah ing
pangajaran asungil | sêdyanira ugi | dhapur prang kaburu ||
18.
amungsuh wangsanira pribadi | mila sira mêngko | mring wukir arsa tumut rahadèn
| adhêdhukuh nuntumakên api | apa iya ugi | mangkono karsamu ||
19. radèn
umatur saha wotsari | èstu sang palunggoh | sêsangat pan tan wontên sisipe |
apan ulun wus tan polih angling | sosiking tyas nguni | kawêngkwèng sang wiku
||
20. Ki
Ajar Camaratunggal angling | lah ta putuningong | wus sun tarima ing sakajate |
rèhning arsa tumut manguntapi | lah sun ampah mangkin |
--- 1 : 61
---
karsanira
iku ||
21. aywa
sira kaki milu nêpi | maring raganingong | apan sira tan winênang radèn | ywan
umiringa tapa ing wukir | apan cupêt kaki | panjênêngan ratu ||
22. iya
panjênêngan Ratu Jawi | iku tan apaos | sira Radèn Susuruh dan linge | inggih
ing raga ulun puniki | punapa sarèhing | hyang kaki ngong anut ||
23. Ki
Ajar Camaratunggal angling | iya putuningong | lah idhêpên tudhuh ingsun mangke
| sira ngetana bênêr tumuli | lakunira iki | besuk yèn anêmu ||
24. witing
maja uwohe sawiji | apait kang raos | ing kono sira mandhêga age | banjur sira
dhukuhana ugi | aywa mentar malih | kêkala[29] ing ngriku ||
25.
wruhanira kaki iku benjing | minôngka karaton- | nira têtêp dadi praja gêdhe |
ing sirah kêpuh iku ing benjing | iya iku ugi | dadi alun-alun ||
26. apan
wus pinêsthi sira benjing | mring dewa kang kaot | dadi suluhe nagara têmbe |
iya panjênênganira aji | wruhanira kaki | têdhak nganak putu ||
27. buyut
canggah satêdhakirèki | apan dadi katong | ya amêngku ing nuswa Jawane | lah
kaki uwis aja prihatin | iya sira benjing | amalêsa ukum ||
28. mring
Ratu Pajajaran sirèki | nanging ta ing mêngko | tan linilan yèn malêsa mangke |
lagi malês yudanira ugi | lah maninge kaki | yèn sira tan wêruh ||
29. iya
marang jênêng
--- 1 : 62
---
ingsun iki
| sayêktine ingong | dudu Ajar ingkang satêmêne | apan putri Pajajaran mami |
aringong tumuli | eyangira iku ||
30.
apêputra mring ramanirèki | kang lina ingobong | karananingsun kesah purwane |
saking nagara pan ingsun ugi | kacarita putri | lêwih saking ayu ||
31. sakèhe
putri ing tanah Jawi | tan atandhing ingong | amung ingsun putri ayu dhewe |
sakwèh para ratu tanah Jawi | anglamar ing mami | nanging sun tan ayun ||
32. saking
sangêt ngong tan arsa krami | gya dinukan ingong | dening rama asangêt dukane |
ya ta sun rasa-rasa ing galih | tansah karya agring | ing yayah lan ibu ||
33.
tumulya ingsun kesah ing wêngi | murca sing kadhaton | ngong mêtu ngurung-urung
warihe | manjing mêdal wana lampah mami | nut iringing ardi | lampah ngong
andarung ||
34. nulya
gunung Kombang ngong unggahi | praptèng pucak ingong | ya ta ana kayu camarane
| satunggal iku gon ngong anêpi | mêngko iku maksih | rupane kang kayu ||
35. sigra
Ki Ajar asalin warni | nira nguni wadon | rupa wanodya lêwih ayune | anglir
widadari saking swargi | cahya mindha sasi | ujwala sumunu ||
36. gêbyaring
sarira anêlahi | pan asor paraos | kagyat Radèn Susuruh tingale | aningali
warnane sang putri | jêngêr tan kêna ngling | suwe wadinipun ||
37. marma
mangkana de salamining | radèn dèrèng
--- 1 : 63
---
tumon |
warna kadi sang putri ayune | radèn wus liwung tan ana kèksi | mung sang kadya
ratih | kang tansah ing kalbu ||
38.
liwunging tyas rahadyan anuli | nyandhak asta gupoh | sang kusuma yu nginggati
age | sarya ngling lah ta arsa punapi | têka tanpa krami | lir awuru gadhung ||
39. nahan
dènira tanpa wêwadi | lir wong tanpa tudoh | sira iki kerut warni bae | mapan
wong apinto ingsun iki | munduran ing mangkin | arêp sira tuku ||
40.
rahadèn sangêt sangsayèng galih | èngêt putrèng katong | datan etung duga
prayogane | amung sang kadya ratih kaèsthi | gya tinubruk wani | saksana sang
arum ||
41. musna
saking ngarsaning sang pêkik | samana sang anom | saicale sang rêtna rahadèn |
aniba sangêt dera tan eling | salêlirirèki | rahadèn gêgêtun ||
42. sangêt
anjêngêr datanpa angling | mung sang liring sinom | kang tansah kadya na
sumandhinge | ri kang akarya brôngta wiyadi | saking byatning brangti | lingnya
salah dunung ||
43. maring
ngêndi paranira gusti | kusumaning sinom | binêktaa mirah gêgêbale | dinasihêna
tumêkèng pati | kawulane gusti | anut ing sakayun ||
44. iya
tega têmên tilar dasih | kang sangêt anglamong | marang ngêndi paranira anggèr
| bok iyaa tolih dasihnya gring | yèn tan wruhèng gusti | kawulèstu lampus ||
45. Ki
Ajar ing gunung Kêmbang[30] nuli | umulat agupoh | apan sampun warni
[war...]
--- 1 : 64
---
[...ni]
Ajar malèh | wus abusananing Ajar nênggih | anyangkêlang kudhi | wus awayah
sêpuh ||
46. Radèn
Susuruh wau ningali | mring Kyajar waspaos | wus alinggih Ki Ajar praptane |
radèn putra wus emut ing galih | sigra anungkêmi | mring padèng sang wiku ||
47. sarya
matur radèn asmu tangis | mring sang apalunggoh | saha tur prasêtya ing dedene
| lan anuwun apuntêning sisip | ngandika sang yogi | aja sira muhun ||
48. pan
wus jamaking wong kakung kaki | kagebang ing wadon | kêna ingowah lawan
gingsire | apan uwus bubuhaning janmi | amung ingsun kaki | mêngko duwe tuduh
||
49. iku
sira lakonana kaki | iya tuduh ingong | apan tinêkan sira ing têmbe | apa ing
sasêdyanira benjing | mapan ingsun iki | manuswa satuhu ||
50. saking
sangête ing tapa kaki | mila lêwih ingong | ing asêpi iya iku radèn | yêkti
nora wêruh marang mami | lan winênang malih | ingsun dadya jalu ||
51. lan
winênang ingsun dadi èstri | dadi tuwa anom | luput ing lara lawan patine | iya
besuk ingsun kênèng pati | yèn dina ing akir | kiyamat ing besuk ||
52. dene
benjing sira uga kaki | patêmon lan ingong | nanging nyata ta dudu ing kene |
gon ingsun atêmu lan sirèki | benjing sun apanggih | lawan kita putu ||
53. yèn
sira benjing wus madêg aji | amêngku [amêng...]
--- 1 : 65
---
[...ku]
kadhaton | lan angrèh ing tanah Jawa kabèh | lan benjing sun ngalih saking
ngriki | ya ing Tasikwêdhi | kaki nagarèngsun ||
54. ring
kono ingsun jumênêng aji | iya balaningong | parayangan lan êjin sakèhe | wis
ing kono benjing sun angalih | ya kadhaton mami | Pamantingan iku ||
55. dene
wadyabalaningsun benjing | sakwèh para katong | lêlêmbut ing nuswa Jawa kabèh |
nulyèngsun benjing karya pêpatih | arya lan dipati | wadya ji tumênggung ||
56. rôngga
dêmang kalawan ngabèi | pêcatôndha kaot | kandhuruan myang ondhamoine | nanging
ingsun ngawula ing benjing | marang ing sirèki | wruhanira iku ||
57. iya
anak putunira benjing | madêg nata kaot | angadhaton lor Pamantingane | iya
sakidul gunung Marapi | iku ingsun benjing | ngèstu padèng prabu ||
58.
wruhanira kaki iku benjing | singa madêg katong | amêngku ing tanah Jawa kabèh
| apan iya dadi laki mami | èngêtana kaki | lawan malihipun ||
59.
kalamun sira amanggih wèsthi | pan undangên ingong | iya nuli ingsun prapta age
| yèn ana suraking tawang benjing | pracina yèn prapti | kaki lakuningsun ||
60. apa
sakarsanira ing benjing | nora kantun ingong | kaparentah sun mring sira têmbe
| iya saosikira ta kaki | punang jin tan kari | lan kang manusèku ||
61. lah
uwis mangkata sira [si...]
--- 1 : 66
---
[...ra]
kaki | ngetan aywa menggok | lakunira aywa nolèh-nolèh | jujuga kita ing lurah
radin | araning nagari | iya Singasantun ||
62.
nanging ta wêwêkas ingsun kaki | mring sira agatos | lah têguhêna dèn satuhune
| wusnya têlas pamêkas nulya mit | radyan mangkat aglis | sang durma sing
gunung ||
9. Durma
1. Radèn
Susuruh têdhak saking ing arga | lampahe tan anolih | lan sarencangira |
têtiyang satus ana | anêrajang wana giri | wêwêkasira | Ki Ajar kang kaèsthi ||
2. ngetan
bênêr lampahira rajaputra | datan kawarnèng margi | rahadyan ararywan | anèng
ngandhaping maja | uwohe amung sawiji | radèn ngandika | ambilên woh puniki ||
3. wus ingambil
ya ta anuli dhinahar | raosipun apait | rahadèn ngandika | sanak ingsun sadaya
| ingsun dhêdhukuh ing ngriki | padha gawea | omah sadaya sami ||
4. sun
arani ing Majapait kang desa | ya ta wong satus sami | tumut adhêdhêkah | sami
akarya omah | anèng dhukuh Majapait | sira rahadyan | amaluku pribadi ||
5.
pakartine sami agaga sêsawah | akèh têtiyang prapti | ngêtutkên awisma | apan
sami karasan | awisma ing Majapait | sangsaya lama | têtiyang kathah prapti ||
6.
pasaripun agêng pan kadi nagara | pandhe kalawan gêndhing | myang sayang
kêmasan | miwah para sudagar | awisma ing Majapait | sami
--- 1 : 67
---
karasan |
mirah sandang lan bukti ||
7.
padhêkahan apan wus dadi nagara | ingaran Majapait | apan wus kaloka | ing kèh
kajana priya | padhêkahan Majapait | jêmbar arata | salwir tinanêm dadi ||
6. Nagari
Pajajaran bêdhah, Radèn Susuruh têtêp jumênêng nata ing Majapait run-tumurun
8.
ênêngêna ingkang lagi têtaruka | kang winursita malih | sira Arya Bangah |
nagarine pan risak | ing Galuh ingkang nagari | pan linurugan | dening sri
narapati ||
9. ing
Pajajaran lumampah saha bala | tan kawarna prangnèki | Galuh wus kabêdhah | ing
Prabu Pajajaran | wong cilik dipun boyongi | pan jinarahan | wau sajroning puri
||
10. Arya
Bangah apan lumayu mangetan | langkung kawêlas asih | wau ingkang kesah |
saking nagaranira | anjujug ing Majapait | datan winarna | ing marga sampun
prapti ||
11. ing
Majapait wau Ki Arya Bangah | panggih lawan kang rayi | Ki Susuruh sira | sami
arêrangkulan | adhuh kakang kadang mami | dumèh punapa | têka kesah pribadi ||
12. Arya
Bangah saure asêmu waspa | yayi nagara mami | ing Galuh binêdhah | dening
Siyungwanara | sadaya dipun boyongi | yayi manira | kacandhaka ngêmasi ||
13.
nanging wartane Sang Prabu Pajajaran | katiga besuk iki | apan yayi sira |
akarsa linurugan | anggêcak ing Majapait |
--- 1 : 68
---
kalamun
rêmbag | alah yayi suwawi ||
14. ing
Pajajaran lah nêdha linurugan | rinêbut ing ajurit | Rahadyan Sêsêdhah |
langkung awlasing raka | lah inggih kakang sawawi | mring Pajajaran | samya
pulih ing jurit ||
15. Paman
Wiro Paman Nambi Paman Bandar | têtiyang Majapait | saanane paman | pakênira
pêpaka | payo anglurug tumuli | mring Pajajaran | pan wus ungsume mangkin ||
16. tan
kawarna rahadèn sampun lumampah | saha bala ngajrihi | maring Pajajaran | ya ta
datan kawarna | solahira dènya jurit | ing Pajajaran | wus kabêdhah kabêsmi ||
17.
binoyongan têtiyang ing Pajajaran | marang ing Majapait | cacahing têtiyang |
pan tigang èwu ana | mangke pan dados sakêthi | lan pitung lêksa | cacahing
Majapait ||
18. Kyai
Wiro Nambi Bandar aturira | punika yèn suwawi | paduka rahadyan | jumênênga
narendra | wontên kitha Majapait | anggêntosana | aparentah sa-Jawi ||
19. Radèn
Susuruh angling lah karsanira | ingsun têka lumirig | wus jumênêng nata |
Radyan Susuruh sira | akitha ing Majapait | suyud sadaya | tiyang sanuswa Jawi
||
20. Arya
Bangah ngalih ran Arya Panular | ya ta jinunjung linggih | Ki Wiro punika |
anama Patih Wahan | Ki Bandar lawan Ki Nambi | jinunjung lênggah | sami kinarya
mantri ||
21.
lami-lami sri narendra apêputra | nênggih ingkang wêwangi | prabu anom sira |
awisma loring pasar |
--- 1 : 69
---
samana
rêkyana patih | sampun pêputra | anênggih kang wêwangi ||
22. iya
kang anama Dipati Udara | tinanêm ing Kadhiri | wus ing lama-lama | sri
narendra pralina | prabu anom anggantyani | mring ingkang rama | jumênêng
Maospait ||
23. Patih
Wahan apan ta maksih agêsang | maksih dados pêpatih | amomong sang nata |
kawarnaa samana | sang nata arsa cangkrami | maring ing wana | anggrit banthèng
jêjawi ||
24. Patih
Wahan umatur dhatêng sang nata | patikbra yèn suwawi | sampun acangkrama |
dhatêng ing wanawasa | manah ulun pan kuwatir | maring sang nata | pan tiyang
Majapait ||
25.
manahipun pan dèrèng suyud sadaya | dhatêng sri narapati | pae rama tuwan |
tiyang suyud sadaya | miwah wong môncanagari | dhatêng paduka | manahe dèrèng
radin ||
26.
benjang cangkramaa dhumatêng ing wana | yèn wadya sampun radin | prabu anom
sira | lintang dènira duka | wau dhatêng ki apatih | sêngêring duka | katawis
jaja abrit ||
27.
kumêdut padoning lathi sri narendra | wadana lwir sinêbit | kadya manuwêka |
ring kang wong tatan dosa | gya kôndur sri narapati | manjing jro pura |
luwaran ingkang nangkil ||
28. yeka
na wong kadipatèn ingkang lama | namanya ingkang dasih | pun Ujungsabata |
lurahe kajinêman | winênang sabèng jro puri | mawas yèn duka | Sang Sri ing
Maospait ||
29. ya
--- 1 : 70
---
ta manjing
jro pura tanpa larapan | gya matur ing narpati | ing atur patikbra | wau pun
Patih Wahan | aturipun ing narpati | tampi patikbra | ature pun apatih ||
30. tiyang
kêdah angèwêdi panjênêngan | paduka sri bupati | tiyang Majalêngka | tan wontên
makatêna | anggêpipun mring sang aji | suyud sadaya | lair tumêkèng batin ||
31.
rumiyin cuwa angabdi rama nata | sêpuh kasêlak lalis | mangke kagêntosan |
dhateng sri naranata | suka tiyang Majapait | para punggawa | miwah para dipati
||
32. sami
sakeca asuka bêbadhayan | wutah boga lan bukti | sajênêng paduka | mirah
sandhang lan pangan | eca manahe wong cilik | tiyang adagang | alayar samya
bathi ||
33. sami
angalêm mukjijat[31] ing narendra | nuwuki wadya alit | datan
wontên aprang | tulus jênêng sang nata | eca manahing wong tani | pun Patih
Wahan | rumiyin darbe janji ||
34. inggih
kalih rumiyin rama andika | sarêng mati saurip | ramandika tilar | pun patih
tan abela | dumadi cidra ing jangji | pun Arya Wahan | dosane aming kalih ||
35. kang
kariyin abôngga dhatêng sang nata | kalih cidra ing jangji | yèn suwawi karsa |
pun patih abelaa | dhatêng rama sri bupati | angsala swarga | patine pun apatih
||
36. inggih
margya paduka kang mêjahana | asuka sri bupati | dènya amiyarsa | turnya
Ujungsabata | dhumatêng sri narapati | dyan pinaringan |
--- 1 : 71
---
dhuwung
dening sang aji ||
37.
ingkang wasta dhuwung Kyai Jangkungpacar | iki wrangkakna aglis | maring
kapatihan | ya ta Ujungsabata | atur sêmbah nulya amit | mêdal ing jaba | wus
sumurup hyang rawi ||
38.
Ujungsabata tumamèng kapatihan | watara têngah wêngi | Ki Apatih Wahan | apan
dèrèng anendra | akalihan lan kang rabi | Ki Arya Wahan | angling marang kang
rayi ||
39. dèn
prayitna sira yayi ariningwang | ing mêngko ana maling | wus karsaning dewa |
yayi pan umur ingwang | mung kari sawêngi mangkin | pinundhut dewa | sira ywa
brôngta kingkin ||
10.
Asmaradana
1. lamun
ingsun ora mati | ing sawêngi mêngko iya | pasthi dawa umur ingong | ujêr sang
prabu taruna | anggêguling tan yêktya | Ujungsabata turipun | apan ika wong
durjana ||
2. kudu
ginugu sang aji | iya ta môngsaboronga | sang aprabu pandugine | nanging mêngko
yayi ingwang | lah mêngko umpêtêna | ana ing lêlangit ingsun | sakèhe wong
kapatihan ||
3. padha
akêmitèng kami | ing sawêngi mêngko uga | lah padha mêlèka kabèh | mêngko ana
maling guna | kiya patih gya nendra | ing langit prênahanipun | anèng
saluhuring kajang ||
4.
Ujungsabata angrampid | anjêjêp jawining lawang | amirsa gumrah swarane | kang
akêmit nèng pasowan | dèrèng wontên anendra | ana mêmaca angidung | ana ingkang
cêcarita ||
--- 1 : 72
---
5.
Ujungsabata rudatin | kalangkung kewran ing manah | ya ta amatêk ajine |
ingkang aran Begananda | ping tiga jêjak lêmah | saryanjungkir lampahipun |
anaut siti ping tiga ||
6. dènira
anaut siti | agya kinarya bêbalang | marang kang kêmit sakèhe | saksana sami
anendra | kang kêmit ting gulasah | gènnya turu anglir lampus | sigra pun
Ujungsabata ||
7. malêbêt
ing dalêm puri | anjujug ing pasarean | ki apatih tan kapanggèh | ya ta Ki
Ujungsabata | kewran sajroning nala | angèngêt-èngêt ing kalbu | yèn ki patih
rêmên kuda ||
8.
Ujungsabata nulya glis | anuli dhatêng gêdhogan | nguculakên kula[32] age | kuda giro anèng latar | ambrêngingih
swaranya | kagyat ki patih angrungu | sigra nyêluk cawisira ||
9. wong
gamêl tangia aglis | iku ucul kudanira | lêbokênèng gêdhogane | Ujungsabata
uninga | yèn ki patih umpêtan | luhuring kajang gènipun | anulya pinarêpêkan ||
10. kajang
winiyak aririh | saksana Ki Jangkungpacar | anulya tinarik age | dhatêng Ki
Ujungsabata | iku pan gêgadhuhan | yêkti tan ana wong têguh | ya ta ki rakyana[33] patya ||
11. sigra
ginoco tumuli | satuwuk rêkyana patya | dèrèng uningèng gêtihe | parandene
mangke têdhas | ki patih wus pralina | anak rabine pinundhut | dinalêmakên
sadaya ||
--- 1 : 73
---
12.
sampune pêjah ki patih | samana sri naranata | anutugakên karsane | acangkrama
maring wana | saha mantri punggawa | anggrit banthèng sangsam agung | sang nata
kalangkung suka ||
13. wus
watêking acangkrami | yèn kasukan buron wana | samya nêkakkên sukane | supe yèn
rumêksèng nata | watak nêkakkên suka | sang nata dènya amburu | pisah lan
mantri punggawa ||
14. sang
nata kantun pribadi | amung lan kang para garwa | eca asuka sang katong |
mangke ingkang kawarnaa | putranira ki patya | jalu sampun darbe lungguh | kang
aran Radèn Udara ||
15. wibawa
anèng Kadhiri | sampun amiyarsa warta | yèn kang rama wus pinatèn | ibu lan
kulawangsanya | dinalêmkên sadaya | dhatêng sira sang aprabu | saksana Radèn
Udara ||
16. sigra
anitih turanggi | anandêr atilar bala | anjujug ing wana age | sang prabu anom
kapêdhak | eca tyasing narendra | anggêrit lan garwanipun | samana Radèn Udara
||
17.
angêmbat lawung kumitir | prabu anom linarihan | aniba nulya sedane | gègèr
wong sapagrogolan | gumuruh awurahan | ri sampuning mangkanèku | prabu anom
putranira ||
18. Radèn
Adaningkung nênggih | kêkasihing rajaputra | gumantya umadêg katong | Radèn
Adaningkung ika | anulya apêputra | nama Radèn Hayamwuruk | Hayamwuruk apêputra
||
19. nama
Lêmbuamisani | apêpatih Dêmangwular | kala jênêngira katong |
--- 1 : 74
---
Lêmbumisani
pêputra | namane putranira | anênggih Radèn Bratanjung | Radèn Bratanjung
pêputra ||
20.
akêkasih Radèn Alit | kang jumênêng Brawijaya | Gajahmada pêpatihe | wêkasan
suka wibawa | iya Sang Brawijaya | jangkêpe ing têdhak pitu | panjênêngan
Majalêngka ||
21. samana
sri narapati | kalanira asupêna | kacatur kala asare | Brawijaya Majalêngka |
malêm Gara Kasihnya | supênanira sang prabu | apan katingal akrama ||
22. antuk
putri ayu lêwih | putrine Sang Rajèng Cêmpa | sawungunira asare | dupi enjing
sri narendra | miyos sinebèng bala | têdhak saking sitiluhur | pinarêk ing
pagêlaran ||
23. pêpak
sagung para mantri | tumênggung ngabèi dêmang | arya kalawan ranggane | ki
apatih munggwing ngarsa | sang nata angandika | mring Patih Gajahmadèku | hèh
apatih wruhanira ||
24. kala
ngong sare angimpi | katingal ingsun akrama | lan putri lêwih ayune | putrine
Raja ing Cêmpa | lah patih apa ana | praja aran Cêmpa iku | ki apatih atur
sêmbah ||
25. kawula
mirsa dewa ji | nagaryèng Cêmpa punika | pamirsa kawula anggèr | prênahipun
tanah sabrang | dede nagari Jawa | ngandika malih sang prabu | mring Ki Patih
Gajahmada ||
26. yèn
mangkono sira patih | maringa nagara Cêmpa | sun kongkon sira wiyose | nglamara
putri ing Cêmpa | iku patih dèn kêna |
--- 1 : 75
---
mêtua
Grêsik sirèku | apatih matur sandika ||
27. sang
nata jêngkar tinangkil | malêbêt ing dhatulaya | ginarbêg ing para wadon |
sêlir kalawan badhaya | para mantri wus bubar | sadaya sampun umantuk |
kawarnaa ki apatya ||
28. sampun
umangkat sira glis | praptèng Garêsik lampahnya | wus numpak ing palwa age |
alayar ing dalu siyang | tan kawarna ing marga | praptèng Cêmpa lampahipun |
wus marêk Sang Natèng Cêmpa ||
29. sang
nata lagya tinangkil | pêpak kang mantri punggawa | ya ta kagyat sang akatong |
kalamun ana dhatêngan | sang nata angandika | hèh duta sira kang rawuh | lah
sira dutane sapa ||
30. lan
sapa namanirèki | ki apatih atur sêmbah | inggih kawula sang katong | kang putusan
Prabu Jawa | putra tuwawan Sang Nata |[34]
Majalêngka prajanipun | ingkang ngutus ing kawula ||
31. nama
kawula dewa ji | anênggih pun Gajahmada | pêpatihe putra katong | dene ing
lampah kawula | ingutus ngaturêna | nawala dhatêng sang prabu | punika ingkang
nawala ||
32. sigra
tinampèn kang tulis | winaos sinuksmèng driya | wus kadhadha saraose | ungêle
punang nawala | yèn mungal angalamar | wusnya maos surat tutug | nulya jêngkar
sri narendra ||
33.
umantuk malêbèng puri | ginarêbêg ing wanodya | kacatur putra sang katong |
apan kathahe têtiga | kang pambajêng wanodya | samyèstri panggulunipun |
wuragil jalu punika ||
--- 1 : 76
---
34. kang
èstri samya yu lêwih | kang jalu bagus anawang | sapraptaning jro kêdhaton |
sang nata wus panggih sira | kalawan grahanira | nalika winartan sampun | yèn
linamar ingkang putra ||
35. apan
ta sampun tinari | putranira ingkang tuwa | saking ajrih ing ramane | dadya
tumurun ing rama | sigra kinèn adandan | sang putri samêkta sampun | kang ibu
asmu karuna ||
36.
gumêrah tangis jro puri | ri sampunira adandan | anggêgawani sang katong |
dhumatêng ing putranira | gong pun sêkar dalima | titihan Ki Balelumur |
garêbong myang panggêritan ||
37. awasta
Ki Jêbatbèdri | Ki Bêlawong katiganya | kang ginawakkên putrane | pawongan
miwah raja mal | lawan kang sêsandhangan | sang nata aris amuwus | ki apatih
tinimbalan ||
38. prapta
ngajêngan narpati | ki apatih ingandikan | lah uwis gawanên age | patih iku
anak ingwang | sartane sêrat ingwang | katura ing sang aprabu | anak ingsun
Majalêngka ||
39.
Gajahmada awotsari | sigra tumulya umangkat | sang putri binêkta age | sang
prabu ngatêrkên putra | tan kawarna ing marga | ing pasisir sampun rawuh |
sigra numpak ing baita ||
40. sang
nata wangsul pasisir | ya ta Patih Gajahmada | ngruhunakên utusane | kinèn
ngaturi uninga | dhatêng Sang Brawijaya | yèn saputri anèng ênu | tan kawarna
polahira ||
41. Sang
Nata ing Maospait | samana karsa amapag | dhatêng sang
--- 1 : 77
---
putri
praptane | mring Garêsik karsanira | sigra mangkat sang nata | sawadya ngiring
gumuruh | praptèng Garêsik saksana ||
42. Patih
Gajahmada prapti | ing Garêsik sampun mêntas | saking muara êntase | saha sang
putri binêkta | Ki Patih Gajahmada | sampun panggih lan sang prabu | kang sêrat
katur sang nata ||
43. winaos
sinuksmèng galih | saungêle kang nawala | wus kadhadha saraose | suka tyasira
narendra | sigra sang nata mapag | ing praptane sang rêtna yu | wus panggih
sarêng tumingal ||
44. lwir
surya kalawan sasi | dènira sarêng tumingal | sang putri lawan sang katong |
sang putri nulyanjum asta | gya ngaras padèng priya | rinangkul lajêng sinambut
| sang putri dhatêng sang nata ||
45. sigra
ingêmban tumuli | anulya binêkta minggah | dhatêng titihan garêbong | sang nata
nitih kalihan | sigra umangkat sira | kôndur dhatêng Majalangu | kang wadyabala
sumahab ||
46.
têtabuhan anut margi | tan kawarna lampahira | rawuh ing Majapaite | lajêng
malêbêt jro pura | tan winarna samana | siyang dalu sang aprabu | datansah
apêpasihan ||
47.
datatita linging nguni | kocapa malih ing Cêmpa | atamian sang akatong | ran
Makdum Brahim Asmara | ika matur sang nata | tuwan Islama sang prabu | yèn
tuwan ora Islama ||
48. sangêt
dukaning Hyang Widi | mangkana sri naranata | ing Cêmpa anut kemawon | sang
nata pan sampun Islam | sarta wong sanagara |
--- 1 : 78
---
samya
têtêp gamanipun | Makdum Brahim tinariman ||
49.
atmajanira sang aji | kang tinarimakkên ika | putra ingkang panênggake | sampun
akumpul samana | lan Makdum Brahim ika | wus lama datan winuwus | Rajèng Cêmpa
sampun lina ||
50.
sasedanira sang aji | kagantyan putra pamêkas | jalu kang umadêg katong |
wontên ing nagari Cêmpa | Makdum Brahim Asmara | dadya kaipe sang prabu |
Makdum Ibrahim winarna ||
51. sampun
pêputra kêkalih | samya jalu putranira | ênêngna tan winiraos | nuswa Jawa kang
kocapa | nagari Majalêngka | gêmah raharja kalangkung | murah kang sarya
tinumbas ||
52. tulus
tinandur wadya lit | murah sandhang lawan pangan | wadya lit kwèh suka sugèh |
sajênênge Brawijaya | ana ing Majalêngka | sigêgên datan winuwus | ing mangke
kang kawarnaa ||
7.
Lêlampahanipun Arya Dilah
53. nênggih
samadyèng wanadri | kacatur wontên rasaksa | lan rasaksi sadulure | apan iya
roro sanak | ika sami pratapa | rasaksa lan rasaksiku | ni rasaksi ika ngucap
||
54.
dhatêng ing kakangirèki | kakang arsa laki ingwang | mring Natèng Majapaite |
kang kêkasih Brawijaya | kadya pa pakênira | ki rasaksa alon muwus | dening tan
pangrasa sira ||
55.
andupara ta sang aji | yayi yèn arsa ing sira | rupamu [ru...]
--- 1 : 79
---
[...pamu]
kaya mangkono | remanira jatha gimbal | lan siyungira uga | sacarak sisih dinulu
| kudu arsa laki nata ||
56. kang
amêngku nuswa Jawi | kang ginunggung para nata | apan bupati sakèhe | padha
atur putri endah | miwah nagari sabrang | samya atur putri luhung | kang sami
ayu utama ||
57.
kalamun angombe warih | apan katon lêr-êlêran | saking endahe warnane | lah
yayi kaya pa sira | yèn sira apanggiha | lawan Prabu Majalangu | dene mêmêdèni
sira ||
58. sang
rasaksi sigra angling | kakang apan ingsun bisa | amaliha warna kaot | saksana
amalih rupa | sang rasaksi warnanya | lwir widadari anurun | ki rasaksa
suka-suka ||
59. umulat
warnaning ari | gumuywa ambata rêbah | wus karasèng tyas têmahe | yèn umilwèng
kawarisan | duwèni nuswa Jawa | ywan tumêka ri kang sunu | sang rasaksa lon
angucap ||
60. lah
mara yayi dèn aglis | iya kita umanjinga | mring nagri Maospaite | age kita
apanggiha | lan Natèng Majalêngka | sêsutaa kita jalu | ingkang abagus warnanya
||
61. lah
sun sêsinau yayi | momong kaponakan ingwang | ngong têdhèng dewa kang kaot |
muga têmbe sutaningwang | iya anglêwihana | ing sakwèh prajurit luhung | ing
nusa Jawa sadaya ||
Lajêng
nyandhak jilid: 2.
Isinipun
[JILID I] :
Bêbuka ...
kaca 3
1. Sajarah
wiwit Nabi Adam dumugi para dewa. (Dhandhanggula). ... kaca 7
2. Prabu
Watugunung ing Gilingwêsi. (Asmaradana, Sinom, Pangkur, Durma, Dhandhanggula).
... kaca 10
3.
Sajarahipun para ratu ing tanah Jawi wiwit saking jumênêngipun Ratu Bathara
Wisnu lan Bathara Bramadu dumugi nagari Pajajaran. (Dhandhanggula). ... kaca 35
4.
Lêlampahanipun Siyungwanara. (Dhandhanggula, Pangkur). ... kaca 39
5. Radèn
Susuruh oncat saking Pajajaran lajêng têtruka wontên ing Majapait. (Pangkur,
Mijil, Durma). ... kaca 56
6. Nagari
Pajajaran bêdhah. Radèn Susuruh têtêp jumênêng nata ing Majapait, run-tumurun.
(Durma, Asmaradana). ... kaca 67
7.
Lêlampahanipun Arya Dilah. (Asmaradana, Dhandhanggula). ...
=========================
SIWI SANG
NASKAH INI DIAMBIL LANGSUNG OLEH SIWI SANG DARI SUMBER: http://sastra.org/